Tuturan Dhirektif Sajrone Proses Dol Tinuku Ing Dhusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban

JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal), Jul 2019

Abstrak Basa minangka piranti kang baku ing proses komunikasi. Panganggone basa kang werna-werna minangka sarana pilihan kanggo ngekspresikake kekarepan saben pawongan. Kekarepan manungsa kadhang kala mbutuhake panyengkuyung saka manungsa liyane, kaya dene pakaryan dol tinuku. Panliten iki njupuk obyek wong-wong sing cecaturan ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban lan punjere panliten iki cundhuk klawan wujud dhirektif sing kadeleng saka legeyane panutur lan pananggape mitra tutur. Dhasar panliten iki yaiku nganani dhirektif sing mijil saka legeyane panutur lan pananggape mitra tutur. Ancas saka panliten iki yaiku ngandharake kepriye wae wujud dhirektif sing katuturake dening pawongan sing ana ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban. Paedah teoritis saka panliten iki yaiku bisa menehi sumbangsih marang panliten ngenani panganggone basa. Paedah praktise supaya bisa migunani tumrap pasinaon pragmatik. Panliten iki minangka panliten pragmatik awit ngrembug basa sing ana sesambungane klawan kahanan sosial kang ana ing bebrayan. Panliten iki sipate yaiku deskriptif kanthi teori sing dikemukakake dening Searle. Metodhe kang kagunakake yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Dhata saka panliten iki kajupuk saka observasi ing lapangan kanthi dhata sing diolehi saka sumber dhata. Sumber dhata ing kene yaiku pacaturan dol tinuku sung ditindakake dening bakul lan panuku ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban. Dhirektif sajrone pacaturan dol tinuku ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban kajupuk saka legeyane panutur sing blaka-ora blaka, langsung-ora langsung. Sarta pananggape mitra tutur sing nampa-nampik, lan nindakake-ora katindakake. Asil saka panliten iki yaiku dhirektif kang mijil saka tuturan masyarakat dhusun kasebut dijupuk saka lageyane panutur lan pananggape mitra tutur. Lageyane panutur diperang dadi papat yaiku blaka langsung, blaka ora langsung, ora blaka langsung lan ora blaka ora langsung. Saka pananggape mitra tutur kaperang dadi papat yaiku katampa katindakake, katampa ora katindakake, katampik katindakake, lan katampik ora katindakake. Tembung Wigati: Dhirektif, Pacaturan, Dol tinuku, Dusun Bahoro, Pragmatik

Article PDF cannot be displayed. You can download it here:

https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/download/29112/26657

Tuturan Dhirektif Sajrone Proses Dol Tinuku Ing Dhusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban

Tuturan Dhirektif Sajrone Proses Dol Tinuku Ing Dhusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban Tuturan Dhirektif Sajrone Proses Dol Tinuku Ing Dhusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban Ari Putra Kurniawan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya Email : Dr. Surana, S.S., M.Hum. Abstrak Basa minangka piranti kang baku ing proses komunikasi. Panganggone basa kang werna-werna minangka sarana pilihan kanggo ngekspresikake kekarepan saben pawongan. Kekarepan manungsa kadhang kala mbutuhake panyengkuyung saka manungsa liyane, kaya dene pakaryan dol tinuku. Panliten iki njupuk obyek wong-wong sing cecaturan ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban lan punjere panliten iki cundhuk klawan wujud dhirektif sing kadeleng saka legeyane panutur lan pananggape mitra tutur. Dhasar panliten iki yaiku nganani dhirektif sing mijil saka legeyane panutur lan pananggape mitra tutur. Ancas saka panliten iki yaiku ngandharake kepriye wae wujud dhirektif sing katuturake dening pawongan sing ana ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban. Paedah teoritis saka panliten iki yaiku bisa menehi sumbangsih marang panliten ngenani panganggone basa. Paedah praktise supaya bisa migunani tumrap pasinaon pragmatik. Panliten iki minangka panliten pragmatik awit ngrembug basa sing ana sesambungane klawan kahanan sosial kang ana ing bebrayan. Panliten iki sipate yaiku deskriptif kanthi teori sing dikemukakake dening Searle. Metodhe kang kagunakake yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Dhata saka panliten iki kajupuk saka observasi ing lapangan kanthi dhata sing diolehi saka sumber dhata. Sumber dhata ing kene yaiku pacaturan dol tinuku sung ditindakake dening bakul lan panuku ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban. Dhirektif sajrone pacaturan dol tinuku ing Dusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban kajupuk saka legeyane panutur sing blaka-ora blaka, langsung-ora langsung. Sarta pananggape mitra tutur sing nampa-nampik, lan nindakake-ora katindakake. Asil saka panliten iki yaiku dhirektif kang mijil saka tuturan masyarakat dhusun kasebut dijupuk saka lageyane panutur lan pananggape mitra tutur. Lageyane panutur diperang dadi papat yaiku blaka langsung, blaka ora langsung, ora blaka langsung lan ora blaka ora langsung. Saka pananggape mitra tutur kaperang dadi papat yaiku katampa katindakake, katampa ora katindakake, katampik katindakake, lan katampik ora katindakake. Tembung Wigati: Dhirektif, Pacaturan, Dol tinuku, Dusun Bahoro, Pragmatik. Abstract Language are very standard tools in the communication process. Use of diverse languages as a means of choice to express the desires of every human being. Human desires sometimes need support from other humans, including buying and selling activities. This study tooks the object of people who were conversing in Bahoro Hamlet, Banjarworo Village, Bangilan District, Tuban Regency, and the core of this research was leaning towards a directive that was seen from the behavior of speakers, and the response of the partners. The basis of this research is about directives that are created from speaker behavior and partner partner responses. The purpose of this study is to explain how directive forms are spoken by the people of Bahoro Hamlet, Banjarworo Village, Bangilan District, Tuban Regency. The theoretical benefit of this research is that it can contribute to research on the use of language. The practical benefits that can be used for pragmatic learning. This research is a pragmatic research that discusses language that has to do with social conditions found in society. This research is descriptive by using the theory proposed by Searle. The method used is descriptive qualitative method. The data from this research is taken from field observations with data obtained from data sources. The data sources referred to here are buying and selling conversations carried out by sellers and buyers in Bahoro Hamlet, Banjarworo Village, Bangilan District, Tuban Regency. 1 Tuturan Dhirektif Sajrone Proses Dol Tinuku Ing Dhusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban The directive in buying and selling conversations in Bahoro Hamlet, Banjarworo Village, Bangilan District, Tuban Regency is taken from the delivery method from the honest-dishonest, direct-indirect speaker. As well as partner responses that accept-reject, and implement-do not implement. The results of this study are directives that emerge from the public speeches that are taken from the speakers' behavior and the responses of the speech partners. Try directors' behavior is divided into four namely honest direct, honest indirect, indirect honest and dishonest indirect. From the response of the partner, it was divided into four, which were honest, undirect honest, rejected, and undirect rejected. Important words: Directive, Conversation, Buying and selling, Bahoro Hamlet, Pragmatics. uga sing kanthi cara ngongkon “mbak, aku wenehi bawangem seprapat!”, tembung “aku wenehi” bisa ditegesi yen panutur kuwi kepengin nuku samubarang. Panganggone tindak tutur dhirektif sajrone cecaturan dol tinuku minangka salah sawijine wujud panganggone ragam tindak tutur. Sajrone dhirektif ing proses dol-tinuku, panutur bisa nggunakake cara mesen, amrintah, lan njaluk. Dhata kang bakal dianalisis ing panliten iki yaiku awujud tetembungan sing digunakake antarane bakul lan panuku ing Dusun Bahoro, Desa Banjarworo, Kecamatan Bangilan, Kabupaten Tuban. Tetembungan kang bakal kaanalisis tuladhane kaya: (1) “Dhek, aku tulung angkatna klapaku dhek!” (2) “Mbak aku tukoni mbak. Murah wae mbak!”. Rong dhata kasebut diolehi nalika nglakokake observasi ing lokasi panliten. Saka dhata kasebut menawa kadeleng saka wujude nduweni rong wujud, yaiku ngongkon utawa mrintah, lan pangarep-arep. Tata carane panutur nindakake dhirektif biyasane uga maneka warna, gumantung sapa kang dadi mitra tuture. Kaya kang wis sumebar ing bebrayan Jawa yen unggah ungguh kuwi kudu dadi padatan saben dinane. Ana golongan tartamtu sing pancen kudu diwenehi unggah-ungguh yen ta diajak uatawa ngajak cecaturan kaya dene golongan priyayi, golongan sepuh, golongan kang dikurmati. Kaping pindhone yaiku golongan sing bisa kanthi cara biyasa, yaiku golongan nom utawa golongan bocah, sarta golongan kanca plek sing wis saben dinane lumrah nggunakake basa ngoko. Panliten ngenani tindak tutur dhirektif iki wis tau ana sing nliti, kaya dane tindak tutur njaluk sing ditliti dening mahasiswa Unesa angkatan 2013, sarta panliten liyane sing ngrembug ngenani dhirektif. Nanging kang dadi pambeda antarane panliten iki lan liyane yaiku lokasi panliten lan wujud direktif kang bakal katuturake. Panliten iki bakal dilaksanakake ing Dusun Bahoro, Desa Banjarworo, Kecamatan Bangilan, Kabupaten Tuban. Kanthi pangajab supaya panliten iki bisa nduweni guna tumrap bebrayan. Panliten iki bakal nggoleki apa w (...truncated)


This is a preview of a remote PDF: https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/download/29112/26657
Article home page: https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/29112/26657

ARI PUTRA KURNIAWAN, . SURANA. Tuturan Dhirektif Sajrone Proses Dol Tinuku Ing Dhusun Bahoro Desa Banjarworo Kecamatan Bangilan Kabupaten Tuban, JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal), 2019,