TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATENMADIUN(TintinganFolklor Setengah Lisan)

JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal), Jul 2017

Tradhisi Suran Agung ing Petilasan Nyai Lambang Kuning minangka salah sawijine wujud folklor setengah lisan kang ana ing desa Nglambangan, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun. Tradhisi Suran Agung ing petilasan Nyai Lambang Kuning iki ditindaka ke dening masyarakat Nglambangan saben setaun pisan yaiku nalika mapag sasi Sura. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye mula bukane legendha sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ing desa Nglambangan; (2) Tadhisi - tradhisi apa wae kang ana ing petilas an N yai L ambang K uning ; (3) Apa wae makna lan simbol kang kinandhut sajrone Tradhisi Suran Agung ; (4) Nilai - nilai budaya apa wae kang kinandhut ing T radhisi S uran A gung ; (5) Kepriye fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Kepriye owah - owahan sajrone T radhisi S ura n A gung . Tujuwan panliten iki, yaiku: (1) Njlentrehake mula bukane legendha petilasan N yai L ambang K uning sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ; (2) Njlentrehake wujud - wujude tradh isi kang ana ing petilasan N yai L ambang K uning . (3) makna lan simbol k ang kinandhut sajrone T radhisi S uran A gung ; (4) Njlentrehake nilai - nilai budaya sajrone T radhisi S uran A gung ; (5) Njlentrehake fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Njlentrehake owah - owahan kang dumadi ing tradhisi sajrone T radhisi S uran A gung . Paedah kang b isa dijupuk saka panliten iki yaiku, (1) Nambahi kawruh lan informasi marang pamaca ngenani wujude T radhisi S uran A gung kang ana ing Desa Nglambangan; (2) Nilai - nilai budaya sajrone Tradhisi Suran Agung lan tradhisi bisa digunakake kanggo nikelake lan uga mangun karaktere masyarakat; (3) Owah - owahan dingerteni kanggo ngandharake pambeda - pambeda sajrone T radhisi S uran A gung kang ngrembaka wiwit jaman biyen nganti jaman saiki; (4) Kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat desa Nglambangan ing babagan bud aya supaya tansah dijaga lan diuri - uri. Landhesan titingane yaiku konsep folklor, konse p tradhisi konsep makna lan simbol nggunakake yaiku teori semiotik peirce . N ilai budaya nggunakake konsep Latini kang diperang dadi telu, yaiku nilai dhidhaktik, nilai etik, lan nilai religius. Fungsi Tradhisi Suran Agung nggunakake teori modhifikasi saka Malinowski, William R. Bascom, lan Alan Dundes. Owah - owahan kang dumadi sajrone T radhisi S uran A gung nggunakake konsep Danandjaja lan Koentjaraningrat. P anliten ik i ngg unakake metodhe dheskriptif kualitatif komparatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten iki kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder . Sumber dhata primer yaiku para informan kang mangerteni Tradhisi S uran A gung , dene sumber dhata sekund er yaiku arupa dhata saka informan tambahan, gambar dhokumentasi lan cathetan lapangan. Asile panliten iki nuduhake yen T radhisi S uran A gung nduweni salah sawijine tatalakune adicara: Slametan Widak Kubra, Tahlilan utawa istighozah, kirab tumpeng Boga War sa lan Kirab Pusaka. Hiburan ing kene ana pagelaran langen beksa utawa tayuban lan uga wayangan. Ubarampe panjangkeping adicara kang digunakake sajrone T radhisi S uran A gung , yaiku; ambeng (tumpeng), jenang putih, jenang abang, jenang baro - baro, jadah, reng ginang, ingkung, kembang, pala p endhem lan sapanunggalane. Wujud nilai budaya ana telu, yaiku: (1) Nilai dhidhaktik; (2) Nilai etik; (3) Nilai religius. Fungsi sajrone T radhisi iki, yaiku: (1) Minangka alat proyeksi; (2) Minangka alat pangesahan budaya; (3 ) Minangka sarana pendhidhikan; (4) Minangka alat pengendhali sosial; (5) Minangka alat kanggo nentremake ati; (6) Minangka sarana kanggo ngalab berkah; (7) Minangka alat hiburan; lan (8) Fungsi Ekonomi. Owah - owahan kang dumadi sajrone tradhisi , yaiku duma di ing ubarampe lan sesajen kang digunakake sajrone adicara Suran Agung. Tembung wigati: Suran Agung, Nyai Lambang Kuning

Article PDF cannot be displayed. You can download it here:

https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/download/20193/18491

TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATENMADIUN(TintinganFolklor Setengah Lisan)

Tradhisi Suran Agung sajrone Petilasan Nyai Lambang Kuning ing Kabupaten Madiun (Tintingan Folklor Setengah Lisan) TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATEN MADIUN (Tintingan Folklor Setengah Lisan) YULIANA SRI ASTUTI Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Surabaya ABSTRAK Tradhisi Suran Agung ing Petilasan Nyai Lambang Kuning minangka salah sawijine wujud folklor setengah lisan kang ana ing desa Nglambangan, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun. Tradhisi Suran Agung ing petilasan Nyai Lambang Kuning iki ditindakake dening masyarakat Nglambangan saben setaun pisan yaiku nalika mapag sasi Sura. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye mula bukane legendha sesambungan karo anane Tradhisi Suran Agung ing desa Nglambangan; (2) Tadhisi-tradhisi apa wae kang ana ing petilasan Nyai Lambang Kuning; (3) Apa wae makna lan simbol kang kinandhut sajrone Tradhisi Suran Agung; (4) Nilai-nilai budaya apa wae kang kinandhut ing Tradhisi Suran Agung; (5) Kepriye fungsi Tradhisi Suran Agung; (6) Kepriye owah-owahan sajrone Tradhisi Suran Agung. Tujuwan panliten iki, yaiku: (1) Njlentrehake mula bukane legendha petilasan Nyai Lambang Kuning sesambungan karo anane Tradhisi Suran Agung; (2) Njlentrehake wujud-wujude tradhisi kang ana ing petilasan Nyai Lambang Kuning. (3) makna lan simbol kang kinandhut sajrone Tradhisi Suran Agung; (4) Njlentrehake nilai- nilai budaya sajrone Tradhisi Suran Agung; (5) Njlentrehake fungsi Tradhisi Suran Agung; (6) Njlentrehake owah-owahan kang dumadi ing tradhisi sajrone Tradhisi Suran Agung. Paedah kang bisa dijupuk saka panliten iki yaiku, (1) Nambahi kawruh lan informasi marang pamaca ngenani wujude Tradhisi Suran Agung kang ana ing Desa Nglambangan; (2) Nilai-nilai budaya sajrone Tradhisi Suran Agung lan tradhisi bisa digunakake kanggo nikelake lan uga mangun karaktere masyarakat; (3) Owahowahan dingerteni kanggo ngandharake pambeda-pambeda sajrone Tradhisi Suran Agung kang ngrembaka wiwit jaman biyen nganti jaman saiki; (4) Kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat desa Nglambangan ing babagan budaya supaya tansah dijaga lan diuri-uri. Landhesan titingane yaiku konsep folklor, konsep tradhisi konsep makna lan simbol nggunakake yaiku teori semiotik peirce. Nilai budaya nggunakake konsep Latini kang diperang dadi telu, yaiku nilai dhidhaktik, nilai etik, lan nilai religius. Fungsi Tradhisi Suran Agung nggunakake teori modhifikasi saka Malinowski, William R. Bascom, lan Alan Dundes. Owah-owahan kang dumadi sajrone Tradhisi Suran Agung nggunakake konsep Danandjaja lan Koentjaraningrat. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif komparatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten iki kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder. Sumber dhata primer yaiku para informan kang mangerteni Tradhisi Suran Agung, dene sumber dhata sekunder yaiku arupa dhata saka informan tambahan, gambar dhokumentasi lan cathetan lapangan. Asile panliten iki nuduhake yen Tradhisi Suran Agung nduweni salah sawijine tatalakune adicara: Slametan Widak Kubra, Tahlilan utawa istighozah, kirab tumpeng Boga Warsa lan Kirab Pusaka. Hiburan ing kene ana pagelaran langen beksa utawa tayuban lan uga wayangan. Ubarampe panjangkeping adicara kang digunakake sajrone Tradhisi Suran Agung, yaiku; ambeng (tumpeng), jenang putih, jenang abang, jenang barobaro, jadah, rengginang, ingkung, kembang, pala pendhem lan sapanunggalane. Wujud nilai budaya ana telu, yaiku: (1) Nilai dhidhaktik; (2) Nilai etik; (3) Nilai religius. Fungsi sajrone Tradhisi iki, yaiku: (1) Minangka alat proyeksi; (2) Minangka alat pangesahan budaya; (3) Minangka sarana pendhidhikan; (4) Minangka alat pengendhali sosial; (5) Minangka alat kanggo nentremake ati; (6) Minangka sarana kanggo ngalab berkah; (7) Minangka alat hiburan; lan (8) Fungsi Ekonomi. Owah-owahan kang dumadi sajrone tradhisi, yaiku dumadi ing ubarampe lan sesajen kang digunakake sajrone adicara Suran Agung. Tembung wigati: Suran Agung, Nyai Lambang Kuning 1 Tradhisi Suran Agung sajrone Petilasan Nyai Lambang Kuning ing Kabupaten Madiun (Tintingan Folklor Setengah Lisan) kabudayan. Tujuwane supaya masyarakat luwih bisa mangerteni ngenani TSA. Adhedhasar andharan ing ndhuwur kuwi, sawijine ancas saka panliten iki yaiku minangka wewujudan saka upaya ngrembakake lan nguri-uri kabudayan Jawa supaya ora luntur kagerus pangrembakane jaman. Panliten ngenani tradhisi iki, durung tau ana kang nliti. Mula saka kuwi, tradhisi kasebut narik kawigaten kanggo dianalisis luwih jero. Adhedhasar andharan kasebut uga, tuwuh saperangan bab kang bisa ditintingi sajrone TSA. Panliten iki bakal ngonceki ing antarane yaiku ngenani wujud TSA, Makna lan simbol sajrone ubarampe tradhisi, nilai, fungsi, lan uga owah-owahan kang ana sajrone TSA. Adhedhasar sakabehe bab kasebut, mula saka kuwi panliti menehi irah-irahan tumrap panliten iki yaiku “Tradhisi Suran Agung Sajrone Petilasan Nyai Lambang Kuning ing Kabupaten Madiun” kanthi tintingan Folklor Setengah Lisan. Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif komparatif ngenani salah sawijine kabudayan kang ditujokake kanggo ngeleluri lan nglestraikake budaya Jawa. PURWAKA LELANDHESAN PANLITEN Indonesia minangka negara kang jembar tlatahe, nduweni maneka werna kabudayan kang kasebar ing nuswantara. Tlatah Indonesia dumadi saka pulo-pulo, klompok masyarakat, lan suku bangsa kang nduweni kabudayan. Saka maneka wernane kabudayan kasebut ndadekake ciri khas kang beda-beda antarane kabudayan siji lan sijine. Ciri khas kabudayan iku dhewe bisa dideleng saka karakteristike, saengga bisa dibedakake kabudayan ing antarane saben-saben dhaerah. Kabudayan saben dhaerah nduweni makna lan uga simbol kang bedabeda. Kabudayan kuwi tuwuh lan ngrembaka sajrone panguripane manungsa, uga karipta saka pamikirane manungsa. Manungsa ora bisa urip tanpa anane kabudayan, semono uga kabudayan ora bakal ana tanpa masyarakat panyengkuyunge. Panliten budaya asipat dinamis lan dialektis (Endraswara, 2006:1). Kabudayan nuswantara bisa diperang dadi telu, yaiku (1) kabudayan lokal, (2) kabudayan dhaerah lan, (3) kabudayan nasional. Katelu kabudayan kasebut ora bisa dipisahake antarane siji lan sijine, amaraga katelune padha ana gegayutane. Salah sawijine kabudayan lokal kang dikaji panliti kanggo ngonceki yaiku kabudayan lokal kang ana ing Desa Nglambangan Kecamatan Wungu Kabupaten Madiun yaiku Tradhisi Suran Agung kang sabanjure dicekak TSA. TSA ing Nglambangan nduweni daya tarik kang mligi tumrap masyarakat, kayata: (1) TSA dianakake seatun pisan yaiku ing sasi Sura, tiba ing dina Jemuah Legi, (2) TSA nduweni tatarakit kang baku lan beda karo desa liyane, (3) Papan panggonan ana ing petilasan Nyai Lambang Kuning (NLK) minangka leluhure Desa Nglambangan, (4) Sajrone TSA ngandhut makna kang wigati tumrap panguripane masyarakat, (5) Sajrone TSA ana saperangan kang ngalami owah-owahan saka taun sadurunge. TSA ing desa Nglambangan Kabupaten Madiun iki kale (...truncated)


This is a preview of a remote PDF: https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/download/20193/18491
Article home page: https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/20193/18491

YULIANA SRI ASTUTI. TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATENMADIUN(TintinganFolklor Setengah Lisan), JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal), 2017,