KAPITAYANE BEBRAYAN JAWA SAJRONE SINEMA DRAMATIK MAHASISWA BASA JAWA UNESA 2012 (TINTINGAN ANTROPLOGI SASTRA)
Kapitayane Bebrayan Jawa Sajrone Sinema Dramatik Mahasiswa Basa Jawa Unesa 2012 (Tintingan Antroplogi Sastra
KAPITAYANE BEBRAYAN JAWA SAJRONE SINEMA DRAMATIK
MAHASISWA BASA JAWA UNESA 2012 (TINTINGAN ANTROPLOGI SASTRA)
Norman Ari Santoso
S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa) Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Surabaya
Latif Nur Hasan, S.Pd., M.Pd.
Dhosen Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa) Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Surabaya
Abstrak
Sinema dramatik mahasiswa basa Jawa mujudake karya sastra sing ngandharake bab Kapitayan Jawa mligine
bab mitos lan mistis. Film mahasiswa basa Jawa nggambarake sawijine panguripan masyarakat ing satengahe bebrayan
sing tansah isih nenengake marang Kapitayan animisme dinamisme. Adhedhasar landhesan panliten kasebut, underane
panliten iki yaiku (1) Kepriye gegambarane mitos , (2) gegambarane mistis , (3) pangribawane mitos lan mistis tumrap
paraga sajrone sinema dramatik mahasiswa basa Jawa, lan (4) pamawas masyarakat tumrap mitos lan mistis sajrone
bebrayan.
Panliten iki nduweni paedah kanggo ngrembakake kawruh ilmu sastra mligine babagan antropologi sastra.
Panliten uga kanggo sarana medhia pasinaon ing jagade akadhemisi lan bebrayan umum. Panliten iki migunakake
metodhe dheskiptif kualitatif amrih bisa menehi gambaran sing gambling lan objektif ngenani Kapitayan mitos lan
mistis. Tata cara sing digunakake sajrone panliten iki yaiku teknik kapustakan, waca, nyathet, lan wawancara. Sumber
dhata utama ing panliten iki yaiku transkrip dhata saka cecaturane para paraga sinema dramatik. Teori sing digunakake
kanggo medhar film iki yaiku antropologi sastra sing diandharake dening Endraswara. Dhata-dhata sing digunakake
sajrone panliten iki yaiku arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana sing ana sajrone sinema dramatik mahasiswa basa
Jawa.
Asiling panliten iki bisa didudut patang bab laras karo underane panliten (1) Mitos sajrone film yaiku petung
salakirabi, omah sunduk sate, bahu laweyan, pralambang lan sirikan. (2) Mistis sajrone film yaiku bangsa alus, ilmu
gaib, tirakat, lan sesaji. (3) Pangribawa sing dituwuhake saka mitos lan mistis tumrap paraga yaiku padu karo seduluran,
padu karo garwa, pati, mateni sandhang pangan, lara, pikiran owah, sugih bandha donya, lan kepelet. (4) Aspek
pamawas masyarakat sing kasusun saka pamuka agama, sesepuh desa, lan mahasiswa. Saka saperangan pamawas, akeh
bebrayan sing isih percaya marang Kapitayan mitos lan mistis. Kapitayan tumrap mitoslan mistis mujudake salah
sawijine warisan saka para leluhur sing kudu diuri-uri murih ora cures kegerus jaman.
Tembung wigati: Sinema dramatik, antropologi sastra, mitos, mistis.
tradhisional, konvensi, norma,
simbol. Laras karo
panemune Wellek lan Werren (1990:120) yen sawijine
sastra antuk pangribawa saka masyarakat. Sakehe drama
sinematik Drama sinematik, sejatine nuwuhake pesen
moral menawa dimaknani kanthi makna kang positip.
Sakehe pesen moral mujudake nile-nile universal sing
lumaku ing satengahe masyarakat kayadene nile moral,
etika, religi kabudayan. Sawijine drama sinematik Drama
sinematik uga ana kang ngangkat kabudayan sing ana ing
satengahe masyarakat.
Kabudayan sawijine bangsa bisa diwawas
minangka budaya sing tuwuh saka asil upaya lan
pakulinane manungsa. Semana uga bebrayan Jawa
nduweni kabudayan sing nuwuhake corak panguripane.
Bebrayan Jawa nduweni kabudayan akeh, ngugemi
kadadeyan empiris, lan metaempiris kanggo dhasar
kabudayan. Kabudayan Jawa sing isih diugemi ing
masyarakat tansah linandhesan adat-istiadat. Adat-istiadat
kasebut diwarisake dening para leluhure kanthi turuntemurun. Kabudayan kawawas minangka sakabehe
kagiyatan manungsa, kalebu ilmu, kapercayan, seni,
moral, ukum, adat-istiadat lan kagiyatan padinan
manungsa minangka anggota sawijine masyarakat.
PURWAKA
1.1 Landhesane Panliten
Karya sastra mujudake bageyan saka sastra
minangka asil daya cipta, kreativitas, lan imajinasine
pangripta. Tujuwane, kanggo nuduhake piwulang marang
masyarakat lan kaca benggala sajrone bebrayan.
Minangka kaca benggalaning bebrayan, karya sastra bisa
makili kahanan lan kedadeyan sing ana ing sakiwa
tengene panguripan. Laras karo apa sing diandharake
dening Wellek lan Warren (1990:109), menawa karya
sastra bisa nggambarake panguripan sing asale saka
kanyatan sosial, kayata prakara sosial, tradhisi, konvensi,
nile,
norma, lan simbol. Ciniptane karya sastra,
ndadekake manungsa mikir kanthi wening ngenani bab
kang becik utawa ala sajrone tumindake. Salah siji
tuladhane bab kasebut bisa diwawas sajrone karya sastra
arupa drama sinematik Drama sinematik .
Drama sinematik Drama sinematik mujudake
kedadeyan kang multitafsir minangka potret saka realita
sosial sing tuwuh lan ngrembaka sajrone bebrayan.
Drama sinematik Drama sinematik minangka perangan
saka karya sastra sing dumadi sajrone konteks sosial
minangka perangan saka kabudayan sing ngandhut unsur
1
Kapitayane Bebrayan Jawa Sajrone Sinema Dramatik Mahasiswa Basa Jawa Unesa 2012 (Tintingan Antroplogi Sastra
Bebrayan Jawa mligine bebrayan tradhisional isih
ngugemi bab sistem kapercayan (keyakinan). Kapercayan
kasebut bisa marang prakara-prakara sing wis ngrembaka
ing satengahe masyarakat lan kapercayan marang anane
kekuwatan-kekuwatan gaib.
Bebrayan Jawa kerep nggayutake bab-bab kang
dumadi sajrone urip karo kakuwatan sanjabane nalar.
Kakuwatan sing dianggep nduweni pangriabawa gedhe
tumrap bab-bab gaib utawa bab sing sakral. Kapercayan
kaya mangkono nganti seprene isih ngrembaka ing
satengahe masyarakat Jawa. Kapercayan sing kaya
mangkono wiwit tuwuh ing jaman Hindu-Budha.
Masyarakat Jawa mligine bebrayan tradhisional isih
nganut bab animisme lan dinamisme (Endraswara,
2006:13).
Kapercayan anane roh, peri, lelembut, ritualritual nduweni pangaribawa gedhe sajrone bebrayan
Jawa. Pamungkas (2006:2) ritual sing uga diugemi
bebrayan Jawa dadi sawijine laku sing sipate sakral. Iku
ana sing asipat apik lan ana kang asipat ala. Salah sijine
yaiku budaya mitos lan mistis . Mitos mujudake
kapercayan marang prakara-prakara sing ngrembaka ing
satengahe masyarakat sing asipat turun-tumurun.
Kapercayan sing kaya mangkono kanthi ora langsung
mangribawani tumrap panguripane manungsa ing alam
bebrayan. Dene mistis mujudake kapercayane manungsa
marang kekuwatan gaib sing ana ing sakiwa tengene.
Jumbuh karo andharan ing nduwur menawa bebrayan
Jawa kerep migunakake mistis kanthi cara njaluk
bantuwan marang dhukun kanggo tujuwan pribadine.
Mitos lan mistis wis raket karo bebrayan Jawa,
mligine bebrayan tradhisional. Anane mitos lan mistis
dadi wujud upaya saka manungsa kanggo nggayuh
gegayuhan dadi kasunyatan, kayadene pesugihan,
penglaris, merjaya wong liya, lan politik. Saliyane kuwi
mitos lan mistis bisa arupa sistem kapercayan sing isih
diugemi ing satengahe bebrayan Jawa. Isih akeh
pawongan kang nggunakake mistis kanggo nggayuh apa
kang dadi kekarepane. Mitos lan mistis minangka
sawijine sistem kapercayan sing isih lumaku nganti
jaman saiki, kaum abangan, minangka kaum sung paling
n (...truncated)