KADIGDAYANE WANITA MINANGKA SAKA GURUNE BALE WISMA SAJRONE NOVEL TRILOGI ANGGITANE NARKO “SODRUN” BUDIMAN

JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal), Jul 2019

ABSTRAK Novel minangka sawijining sastra kang tuwuh saka pangaribawane sastra Indonesia. Novel minangka reriptan sastra (fiksi) kang nyritakake sawijine kedadeyan wigati saka panguripane manungsa. Salah sawijine yaiku njlentrehake prakara-prakara sosial kang ana sesambungane karo aspek-aspek kamanungsan, disuguhake kanthi luwih jero lan rowa, ora ringkes kaya dene cerkak. Novel kang ngandhut bab kasebut, salah sawijine yaiku novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman kang uga minangka objek saka panliten iki. Kadigdayane wanita ing bale wisma mujudake sawjine prakara sosial kang ana sesambungane karo bab kamanungsan. Sajrone novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman, kadigdayane wanita bisa dideleng saka kemampuan paraga utama wanita Anisa kang ngupaya mrantasi prakara bale wismane lan mertahanake kahanan bale wismane supaya tansah ketata, mula wanita kudu gelem lan wani ing tata. Kadigdayane wanita sajrone novel trilogi iki ora nuduhake kadigdayan wanita kanggo nuntut hak-hak pribadi minangka wanita, nanging kadigdayane wanita mrantasi prakara-prakara sosial bale wismane kanthi kebak tanggung jawab tanpa lirwa nglaksanakake jejibahane minangka ibu rumah tangga, mula panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra. Underane panliten sajrone novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman yaiku (1) kepriye gegambaran kadigdayane paraga utama wanita, (2) kepriye gegambarane dredah sajrone bale wisma, (3) kepriye aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan. Laras karo underane panliten, ancase saka panliten iki yaiku (1) ngandharake gegambaran kadigdayane paraga utama wanita, (2) ngandharake gegambarane dredah sajrone bale wisma, lan (3) ngandharake aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan. Paedahe panliten iki yaiku ngrembakakake panliten sastra mligine sastra Jawa modhern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaca, lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure. Metodhe panliten kang digunakake yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa novel trilogi lan medhia massa arupa internet, dene dhatane panliten yaiku pethikan ukara-ukara sajrone novel trilogi lan pethikan pawarta-pawarta utawa crita inspiratif kang asale saka medhia massa internet. Asile panliten iki bisa diperang dadi telu adhedhasar underane panliten. Sepisan, gegambaran kadigdayane paraga utama wanita Anisa sajrone novel, nalika mrantasi prakara-prakara ing bale wismane kang dianalisis adhedhasar pamarekan sosiologi sastra lan disengkuyung unsur pamangune fiksi yaiku paraga lan pamaragan. Kapindho, gegambaran dredah sajrone bale wismane Anisa lan Purnomo ing novel trilogi diperang dadi telu yaiku dredah ngenani anak, dredah ngenani ekonomi, lan dredah ngenani kulawarga. Telung perangan kuwi didudhah adhedhasar pamarekan sosiologi sastra. Pungkasan, aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan jaman saiki. Kanyatan sosial kasebut sumbere saka pawarta-pawarta utawa crita inspiratif ing medhia massa internet Tembung-tembung wigati: Kadigdayan, saka gurune, lan bale wisma.

Article PDF cannot be displayed. You can download it here:

https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/download/29585/27102

KADIGDAYANE WANITA MINANGKA SAKA GURUNE BALE WISMA SAJRONE NOVEL TRILOGI ANGGITANE NARKO “SODRUN” BUDIMAN

Kadigdayane Wanita minangka Saka Gurune Bale Wisma sajrone Novel Trilogi Anggitane Narko “Sodrun” Budiman KADIGDAYANE WANITA MINANGKA SAKA GURUNE BALE WISMA SAJRONE NOVEL TRILOGI ANGGITANE NARKO “SODRUN” BUDIMAN PUTRI NUR ARIFIANTI S-1 Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya Drs. Bambang Purnomo, M.S Dhosen Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya ABSTRAK Novel minangka sawijining sastra kang tuwuh saka pangaribawane sastra Indonesia. Novel minangka reriptan sastra (fiksi) kang nyritakake sawijine kedadeyan wigati saka panguripane manungsa. Salah sawijine yaiku njlentrehake prakara-prakara sosial kang ana sesambungane karo aspek-aspek kamanungsan, disuguhake kanthi luwih jero lan rowa, ora ringkes kaya dene cerkak. Novel kang ngandhut bab kasebut, salah sawijine yaiku novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman kang uga minangka objek saka panliten iki. Kadigdayane wanita ing bale wisma mujudake sawjine prakara sosial kang ana sesambungane karo bab kamanungsan. Sajrone novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman, kadigdayane wanita bisa dideleng saka kemampuan paraga utama wanita Anisa kang ngupaya mrantasi prakara bale wismane lan mertahanake kahanan bale wismane supaya tansah ketata, mula wanita kudu gelem lan wani ing tata. Kadigdayane wanita sajrone novel trilogi iki ora nuduhake kadigdayan wanita kanggo nuntut hak-hak pribadi minangka wanita, nanging kadigdayane wanita mrantasi prakara-prakara sosial bale wismane kanthi kebak tanggung jawab tanpa lirwa nglaksanakake jejibahane minangka ibu rumah tangga, mula panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra. Underane panliten sajrone novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman yaiku (1) kepriye gegambaran kadigdayane paraga utama wanita, (2) kepriye gegambarane dredah sajrone bale wisma, (3) kepriye aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan. Laras karo underane panliten, ancase saka panliten iki yaiku (1) ngandharake gegambaran kadigdayane paraga utama wanita, (2) ngandharake gegambarane dredah sajrone bale wisma, lan (3) ngandharake aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan. Paedahe panliten iki yaiku ngrembakakake panliten sastra mligine sastra Jawa modhern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaca, lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure. Metodhe panliten kang digunakake yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa novel trilogi lan medhia massa arupa internet, dene dhatane panliten yaiku pethikan ukara-ukara sajrone novel trilogi lan pethikan pawarta-pawarta utawa crita inspiratif kang asale saka medhia massa internet. Asile panliten iki bisa diperang dadi telu adhedhasar underane panliten. Sepisan, gegambaran kadigdayane paraga utama wanita Anisa sajrone novel, nalika mrantasi prakara-prakara ing bale wismane kang dianalisis adhedhasar pamarekan sosiologi sastra lan disengkuyung unsur pamangune fiksi yaiku paraga lan pamaragan. Kapindho, gegambaran dredah sajrone bale wismane Anisa lan Purnomo ing novel trilogi diperang dadi telu yaiku dredah ngenani anak, dredah ngenani ekonomi, lan dredah ngenani kulawarga. Telung perangan kuwi didudhah adhedhasar pamarekan sosiologi sastra. Pungkasan, aktualitas kadigdayane paraga utama wanita sajrone novel trilogi menawa digayutake karo kanyatan ing satengahe bebrayan jaman saiki. Kanyatan sosial kasebut sumbere saka pawarta-pawarta utawa crita inspiratif ing medhia massa internet Tembung-tembung wigati: Kadigdayan, saka gurune, lan bale wisma. BAB I PURWAKA Pamurwane Panliten Miturut Purnomo (2013:80) reriptan sastra minangka reriptan kang tuwuh ing satengahe masyarakat, diwaca lan dirasakake masyarakat, lan isine ngrembug masyarakat, mula reriptan sastra ora bisa uwal saka masyarakate. Reriptan sastra nggambarake panguripane manungsa sajrone bebrayan. Panguripane manungsa ora bisa uwal saka perkara sosial sajrone panguripan. Sastra mujudake ekspresi pamikire masyarakat, mula anane reriptan sastra iku mesthi ana sambungrakete karo perkaraperkara sosial kang nduweni pangaribawa kuwat tumrap wujude sastra. Perkara-perkara sosial kang biyasane kagambar sajrone reriptan sastra iku akeh banget, salah sawijine ngenani perkara urip, kayata kacingkrangan, kadurjanan, perjuwangan utawa kadigdayan lan sapiturute. Bab mau dadi bukti menawa reriptan sastra iku refleksi gegambarane urip, saengga bisa nggambarake kanyatan kang ana sajrone masyarakat. Novel trilogi mujudake reriptan sastra kang ngandhut lan ngrembakake sawijine gagasan (satema) sajrone telung wujud kang sesambungan. Kayata novel trilogi anggitane Narko “Sodrun” Budiman kang bakal diwedhar sajrone panliten iki. Rembulan Ndhuwur Blumbang minangka novel trilogi kang kawiwitan lan Srengenge Tengange mujudake novel trilogi kapindho. Novel trilogi kang kaping telu, amarga gandheng teknis durung bisa diterbitake dening pengarang, mula kang Kadigdayane Wanita minangka Saka Gurune Bale Wisma sajrone Novel Trilogi Anggitane Narko “Sodrun” Budiman nembe bisa kagarap novel trilogi kang kawiwitan lan kapindho, nanging amarga anane pambiyantu saka pangripta, novel trilogi kaping telu bisa didudut menawa Anisa minangka paraga wanita utama isih onjo lan tansaya kondhang dadi penyanyi nganti ngalahake penyanyi Yulia Rahma. Narko “Sodrun” Budiman salah sawijine pangripta ing jagading kasusastran Jawa lan Indonesia. Asmane asli yaiku Sunarko Budiman. Panjenengane kagolong sastrawan prodhuktif kang ngripta reriptan-reriptan sastra Jawa. Reriptan sastra Jawane awujud wacan bocah, cerkak, romansa, guritan, esai, TTS, rubrik lan reportase sumebar ing kalawarti Jaya Baya, Panjebar Semangat, Mekar Sari, Djaka Lodhang, Parikesit, Jawa Anyar, Damarjati, Warung Cengir lan liya-liyane. Sakliyane nulis reriptan sastra Jawa uga nulis buku pelajaran SD. Reriptan sastra Jawane yaiku Esuk Kencar-Kencar (1983), Wetan RantakRantak (1985), Trubus saka Pang Garing (2005), Bandha Pusaka lan Bandha Warisan (2002), Antologi Sastra Campursari (antologi geguritan), Sajadah Beludru (2011), Lintang Panggung (2011), Intermezo ing Alengka (2011), Rembulan Ndhuwur Blumbang (2013), Srengenge Tengange (2016) lan sapanunggalane. Asil reriptan sastrane Narko “Sodrun” Budiman nengenake akeh banget ngenani perkara-perkara kang gegayutan karo pengalamane urip. Perkara-perkara kasebut wujud gegambaran sosial kang dumadi ana ing bebrayan, salah sawijine ngenani panguripane bale wisma. Kahanan kang harmonis, tentrem, lan ayem sajrone kulawarga minangka pangajabe saben pasangan sing wis omah-omahan. Kahanan kang kaya mangkono merlokake rasa pangerten ing antarane pasangan. Katentreman lan harmonise kulawarga/bale wisma bisa dideleng saka peran lan anane rasa padha butuhe (nglengkapi) ing antarane kulawarga, saengga nuwuhake kabecikan sajrone inte (...truncated)


This is a preview of a remote PDF: https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/download/29585/27102
Article home page: https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/29585/27102

PUTRI NUR ARIFIANTI, PURNOMO BAMBANG. KADIGDAYANE WANITA MINANGKA SAKA GURUNE BALE WISMA SAJRONE NOVEL TRILOGI ANGGITANE NARKO “SODRUN” BUDIMAN, JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal), 2019,