DAYANING TRESNA SAJRONE NOVEL KATRESNAN KANG ANGKER ANGGITANE PENI (TINTINGAN DHEKONSTRUKSI)
Dayaning Tresna Sajrone Novel Katresnan Kang Angker Anggitane Peni (Tintingan Dhekonstruksi)
DAYANING TRESNA SAJRONE NOVEL KATRESNAN KANG ANGKER ANGGITANE PENI
(TINTINGAN DHEKONSTRUKSI)
Dhiva Agustiningrum
S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA
Pembimbing
Drs. Bambang Purnomo, M.S.
Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, Unesa
ABSTRAK
Novel Katresnan Kang Angker anggitane Peni kalebu salah sawijine novel kang ngrembug tema katresnan.
Paraga kang nggambarake katresnan sajrone novel iki yaiku Pitarta, Maineni lan Abimanyu. Tresna sajrone novel
Katresnan Kang Angker nduweni daya pangrasa lan nengsemake tumrap pamaca. Tresna ing novel iki nduweni teges
kang sinirat saengga bisa nuwuhake pamikiran lan pamawas anyar tumrap pamaca. Panliten iki bakal ngrembug (1)
Gegambarane katresnan sajrone Novel Katresnan Kang Angker, (2) Tumindak lan pangaribawa dayaning tresna sajrone
Novel Katresnan Kang Angker, (3) Wawasan Dhekonstruksi tumrap Novel Katresnan Kang Angker. Ancase panliten
iki yaiku ngandharake karakteristik katresnan sajrone novel, wujud lan pangaribawa saka katresnan, uga wawasan
dhekonstruksi tumrap novel.
Pamarekan kang digunakake tumrap panliten iki yaiku dhekonstruksi manut panemune Jaques Derrida.
Panliten iki kalebu panliten kualitatif lan migunakake metodhe dheskriptif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku
Novel Katresnan Kang Angker anggitane Peni. Dhata kang digunakake ing panliten iki mujudake dhata verbal, yaiku
awujud tembung, frasa utawa ukara.
Asil saka panliten iki bakal nuduhake yen katresnan sajrone novel Katresnan Kang Angker nduweni tresna
kang asipat mirunggan tinimbang katresnan umume. Paraga sajrone novel iki ora mung nggambarake tresna kang asipat
endah, nanging uga katresnan kang ora endah. Gedhene dayaning tresna bisa ngowahi teges yen katresnan dadi pituna.
Pituna kasebut tuwuh saka pamikiran lan tumindak paraga nalika ngadhepi katresnan.
Tembung wigati: Dayaning Tresna, Pangaribawa, Dhekonstruksi, Pituna.
migunakake sesinglon Peni. Novel Katresnan kang
angker iki karipta ing taun 2006 lan cethak ing taun 2014.
Sadurunge cethak karya iki arupa cerita sambung kang
dipacak ing majalah Panjebar Semangat ing tanggal 17
Februari- 2 Juni 1962.
Novel KKA ngandharake crita tresnane paraga
Maineni kang ndarbei tresna marang Abimanyu. Tanpa
diweruhi ana rasa tresna saka paraga liya kang menengmeneng mendhem rasa marang Neni, yaiku Pitarta.
Pamaragane Pitarta sajrone novel kalebu dilerwakake.
Saliyane gegambaran saka katresnan kang mirunggan iki,
ana uga sawijine bab kang bisa narik kawigatene pamaca.
Bab iki ana ing perangan daya katresnan kang didarbeni.
Daya katresnan kasebut gedhe banget saengga
mangaribawani pamikiran lan tumindake Pitarta saengga
ora bisa mbedakake endi sing becik lan ala. Pikirane
mung dikebaki dening rasa tresna. Owah-owahan kasebut
kang nuwuhake pamikiran yen tresnane paraga bisa gawe
pituna. Bab iki krana bisa mujudake kahanan kang
suwalike. Perkara kang kaya iki dumadi ana ing novel
Katresnan Kang Angker. Gedhene tresna nuwuhake
pamikiran kang cupet. Kayata ing pungkasane bisa
tumindak durjana.
Obyek
wigati
kang
digunakake
ngenani
pangaribawane daya katresnan. Lumrahe tresna yaiku
sawijine perangan kang bisa gawe seneng lan bungah.
Samubarang apa wae bisa nengsemake ati yen
ditindakake lumantar tresna. Perkara kasebut kang dadi
sawijine pambeda saka novel KKA. Tresnane paraga
kang gedhe ndadekake pituna tumrap uripe. Paraga kang
diluhurake nduweni patrap kang becik owah dadi durjana
PURWAKA
Sastra Jawa modern minangka jinis karya sastra kang
kapangaribawan dening sastra manca. Wujud reriptan
karya sastra Jawa modern uga padha karo sastra manca,
kayata cerita cekak, crita sambung, geguritan lan novel
(Rass,1985:8). sawijine jinis sastra Jawa modern yaiku
novel. Tembung novel saka basa Jerman Novella kang
sajrone basa Jerman diarani Novelle dene basa Inggris
diarani novel.
Umume crita ing karya sastra modern ngrembug
ngenani katresnan. Anane katresnan iki uga bisa kanggo
narik kawigaten pamaca. Jaman saiki katresnan yaiku bab
kang dianggep ora ewuh maneh. Saka anane tresna
kasebut bisa ndadekake katentreman sajrone panguripan.
Katresnan kasebut digambarake kanthi bab kang endah
lan adoh saka samubarang kang ala.
Wujud crita ngenani tresna bisa diwujudake kanthi
katrangan utawa tembung angker. Teges angker kasebut
ora sesambungan karo bangsa lelembut nanging nduweni
teges liya. Bab angker nggambarake yen tresna ora
selawase bisa dadi bab kang endah lan nengsemake.
Gedhene rasa tresna bisa uga ngowahi kahanan. Ana
novel kang ngandharake angkere tresna sing pungkasane
ndadekake bebaya tumrap wong kang nglakoni. Tuwuhe
owah-owahan makna tresna iki krana anane teges kang
kontradiksi. Owah-owahan lan angkere tresna kasebut
diwujudake ing novel Katresnan kang angker, sabanjure
bakal dicekak KKA.
Novel iki nengenake bab katresnan kaanggit dening
Suparto Brata. Novel iki dening pangripta kasusun kanthi
1
Dayaning Tresna Sajrone Novel Katresnan Kang Angker Anggitane Peni (Tintingan Dhekonstruksi)
krana dayaning tresna. Mula sajrone tintingan bab iki
bakal nggunakake pranatan dekonstruksi. Pranatan
kasebut digunakake kanggo ngrembug kepriye tresna
kang sasuwene iki dianggep bab kang endah bisa uga
dadi bab kang ala. Bab kang bakal ditengenake yaiku
ngenani oposisi biner tumrap kahanan kang ana. nurut
pamarekan Dhekonstruksi.
Miturut Ahimsa (2001:70) minangka salah sawijine
wewujudan dhekonstruksi oposisi biner nduweni rong
pangerten yaiku oposisi biner kang asipat eksklusif kayata
oposisi biner ‘p’ lan dudu ‘p’ bab iki bisa dimangerteni
kayata oposisi omah lan dudu omah. Kapindone yaiku
oposisi biner kang asipat dudu eksklusif kayata awan lan
bengi, geni lan banyu. Panggunane dhekonstruksi ora
mung tumuju tumrap tulisan, nanging kabeh andharan
kultural, amarga sakabehing andharan kasebut yaiku teks
kang ngandhut nilai-nilai, prasyarat, ideologi, kebenaran
lan tujuwan-tujuwan tartamtu (Ratna, 2009:223).Titikan
dhekonstruksi miturut Derrida (sajrone Ratna, 2009:222)
yaiku penolakane tumrap “logosentrisme” utawa
“fonosentrisme”, kanthi nuwuhake oposisi biner, lan
cara-cara mikir liyane, kang asifat hierarkis dhikotomis.
Dhasare panliten iki bakal nengenake perangan
oposisi biner kanthi medhar ukara kang ana sajrone karya
lan digoleki teges kontradiktif. Sawise ditemokake banjur
dirembug mawa teori dhekonstruksi saengga bisa
nuwuhake gagasan anyar. Mula saka iku panliten iki
bakal nggayutake dayaning tresna paraga kang bisa
nuwuhake pangaribawa kang gedhe kanthi migunakake
teori dhekonstruksi.
Underane Panliten
Saka lelandhesaning panliten mau, bisa kadudut
underane panliten yaiku:
1) Kepriye gegambaran katresnan sajrone Novel
Katresnan Kang Angker?
2) Kepriye wujud lan pangribawa dayaning tresna
sajrone Novel Katresnan Kang Angker?
3) Kepriye Wawasan Dhekonstruksi tumrap Novel
Katresnan Kang Angker?
Ancase Panliten
1) Ngandharake gegambaran katresnan sajrone Novel
Katresnan Kang Angker
2) Ngandharake wujud lan (...truncated)