TRADHISI ING PASAREYAN MBAH BOYOPATIH MEDANG KECAMATAN GLAGAH KABUPATEN LAMONGAN (Tintingan Folklor)
TRADHISI ING PASAREYAN MBAH BOYOPATIH MEDANG
KECAMATAN GLAGAH KABUPATEN LAMONGAN
(Tintingan Folklor)
E-JOURNAL
Dening:
DEWI INTAN NUR QOMARIYAH
NIM 15020114046
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH
2019
Tradhisi Ing Pasareyan Mbah Boyopatih Medang Kecamatan Glagah Kabupaten Lamongan (Tintingan Folklor)
TRADHISI ING PASAREYAN MBAH BOYOPATIH MEDANG KECAMATAN GLAGAH KABUPATEN
LAMONGAN
(TINTINGAN FOLKLOR)
Dewi Intan Nur Qomariyah
S-1 Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya
Pembimbing
Dra. Suwarni, M.Pd.
Dhosen Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya
ABSTRAK
Tradhisi ing Pasareyan Mbah Boyopatih isih kajaga nganti saiki lan nduweni daya pangaribawa kang gedhe
tumrap masyarakat Medang. Tradhisi ing pasareyan tuwuh amarga anane legendha PMB. TPMB uga nduweni sambung
raket karo ngugemi tradhisi Jawa ing Medang. Wujud legendha PMB uga nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap
kiwa tengene, bisa kabukten kanthi anane pawongan kang prasasat ora tau sepi tumuju ing pasareyan kasebut saperlu
nindakake ziarah, nadzar lan liya-liyane. Panliten iki ngrembug (1) mula bukane TPMB, (2) Tradhisi ing Pasareyan, (3)
Ubarampe kang nyengkuyung TPMB, (4) Tata laku adicara, (5) Pigunane TPMB.
Ancase panliten iki yaiku ngandharake mula bukane TPMB, tradhisi ing Pasareyan Mbah Boyopatih, ubarampe,
tata laku lan pigunane TPMB tumrap masyarakat panyengkuyunge. Paedah panliten iki, yaiku diajab bisa nambahi
kawruh ngenani sejarah, fungsi, tradhisi utamane TPMB, kanggo nglestarekake kabudayan Jawa saka warisan cikal
bakal TPMB, kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat Medang, dene kanggo panliti liya diajab bisa dadi
referensi lan motivasi nalika nglakoni panliten folklor,
Kanggo ngonceki masalah sajrone panliten nggunakake teori lan konsep kang cundhuk karo masalah kasebut
yaiku kanggo ngonceki bab folklor nganggo teori folklor kang dikutip dening James Danandjaja. Kanggo ngandharake
babagan makna ubarampe nggunakake teori semiotik Pierce.
Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif. Dhata kang dijupuk arupa tetembungan tinulis utawa lisan saka
informan kanthi cara wawancara lan dhokumentasi. Analisis dhata ditindakake kanthi cara menehi interpretasi ing saben
wujud dhata.
Asile panliten iki nuduhake yen TPMB ditindakake ing Pasareyan Mbah Boyopatih kang sesambungan karo
legendhane. Macem tradhisi yaiku tradhisi haul utawa khul, tradhisi nyekar lan nadzar. Ubarampe kang digunakake
TPMB yaiku kembang setaman lan tumpeng. Tata laku saben tradhisi ditindakake kanthi runtut. Pigunane TPMB yaiku
sarana panglipur, sarana pangesahan budaya, sarana pendhidhikan, sarana pengendhali sosial, sarana kanggo shodaqoh,
sarana kanggo nguri-uri kabudayan lan fungsi ekonomi.
Tembung wigati: Tradhisi, Legendha pasareyan, lan Folklor
Kabudayan ing Indonesia diperang dadi telu yaiku
kabudayan dhaerah, kabudayan lokal, lan kabudayan
nasional. Kabudayan kang maneka warna ana saben dhaerah
kang sinebut wujud kabudayan nasional. Kabudayan
dhaerah iku mujudake kabudayan kang diduweni dhaerahdhaerah tartamtu, saliyane kabudayan nasional lan
kabudayan dhaerah uga ana kabudayan lokal yaiku wujud
minangka sub kultur saka kabudayan dhaerah. Kang bisa
diarani kabudayan lokal yaiku kaya dene kabudayan Jawa
kang wujude maneka warna. Salah sawijine wujud
kabudayan lokal yaiku kabudayan kang ana ing Jawa Wetan
mligine ing Kabupaten Lamongan. Salah sawijine
kabudayan lokal ing Lamongan yaiku anane Pasareyane
Mbah Boyopatih ing Medang Kecamatan Glagah Kabupaten
Lamongan. Pasareyan kasebut ora ditintingi nganggo
tintingan budaya nanging nggunakake tintingan folklor.
Danandjaja (2007: 2) ngandharake yen folklor yaiku
separo kabudayan sajrone kolektif, kang kasebar lan
PURWAKA
Warga Indonesia kasusun saka maneka warna suku
bangsa, saben suku nduweni kabudayane dhewe-dhewe.
Kabudayan iku sipate heterogen. Saben budaya nduweni
corak kang beda karo liyane, banjur nduweni titikan lan
nilai kaendahan. Kabudayan minangka asil saka warisan
leluhur kang patut disengkuyung, dilestarekake lan diajiaji amarga ngandhut norma-norma lan aturan-aturan kang
ngatur tumindake manungsa ing bebrayan. Kabudayan ora
bisa tuwuh tanpa masyarakat panyengkuyunge.
Kabudayan karipta dening manungsa kang nduweni akal
lan budi. Kabeh tumandange manungsa lan gegayutane
karo masyarakat dumadi saka kabudayan. Mula, antarane
manungsa lan kabudayan kuwi sesambungane raket banget
lan ora bisa uwal saka panguripane manungsa. Kabudayan
tembung linggane yaiku budaya kang nduweni teges
samubarang kang urip, ngrembaka, lan lumaku tumuju
titik tartamtu.
1
Makna lan Fungsi Ujub sajrone Tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto (Tintingan Folklor)
diwarisake turuntemurun, ing kolektif jinis apa wae, kanthi
cara tradhisional sajrone versi kang beda senadyan ing
wujud lisan utawa tuladha kang sinambungan karo gerak
isyarat, utawa alat pambiyantu pangeling. Folklor diperang
dadi folklor lisan, folklor setengah lisan, lan folklor dudu
lisan. Titikane folklor yaiku nduweni sipat tradisional,
kasebar ing kabeh wilayah, disebarake dening klompok
utawa indhividhu ing waktu kang suwe yaiku kurang
luwih rong generasi, folklor uga nduweni guna sajrone
panguripan manungsa, ing antarane minangka protes sosial
lan pelipur lara. Folklor kasusun saka maneka versi,
ngandhut pesen moral, lan nduweni wujud lan asipat
pralogis lugu.
Panliti nggunakake tintingan folklor amarga babagan
kang onjo yaiku ana ing tradhisine. Tradhisi kang ana ing
Pasareyan Mbah Boyopatih sabanjure dicekak TPMB
nduweni daya tarik kang mligi tumrap masyarakate,
amarga kasusun saka telung tradhisi, ing antarane yaiku
Tradhisi Haul utawa Khul, Tradhisi Nyekar lan Nadzar.
Daya tarik saka telung tradhisi kasebut kaya dene (1)
nduweni tata laku kang beda karo tradhisi liyane, (2)
ditindakake ora perlu ngenteni arep nduwe gawe, lan (3)
mligine ing Tradhisi Nyekar ditindakake saben wulan ing
dina Jemuwah Pon. Papan panggonan telung tradhisi
kasebut ana ing Pasareyan Mbah Boyopatih minangka
pawongan
kang
dikurmati
dening
masyarakat
panyengkuyunge mligine masyarakat ing Desa Medang.
Panliten iki kagolong sajrone folklor separo lesan, amarga
wujude ngenani kapitayan rakyat, adat istiadat, sarta
slametan, sajrone panliten iki uga nyritakake ngenani mula
bukane legendha pasareyan kasebut kang kalebu folklor
lesan.
Legendha Pasareyan Mbah Boyopatih minangka asil
warisan saka leluhur kang kudu dilesterakake lan tetep
dijaga. Pasareyan kasebut isih dipercaya uga dianggep
kramat lan kalebu perangan kang ora bisa dipisahake
dening masyarakat panyengkuyunge. Diwiwiti nalika ana
pawongan kang asmane Syekh Abdul Shomad utawa
misuwur Mbah Boyopatih kang dikurmati dening
masyarakat panyengkuyunge sejatine yaiku muride
Kanjeng Sunan Giri kang dianggep waliyullah lan
nduweni karomah kang ngedap-edapi.
Anane crita rakyat ngenani Mb (...truncated)