Tradhisi Nyadran Makam Mbah Sentono lan Owah-Owahane ing Desa Ngrendeng, Gondang, Tulungagung
TRADHISI NYADRAN MAKAM MBAH SENTONO LAN OWAHOWAHANE ING DESA NGRENDENG, GONDANG, TULUNGAGUNG
E-JOURNAL
Dening:
RIZCHA DWI PUSPITANINGRUM
15020113045
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
JURUSAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH
2020
Tradhisi Nyadran Makam Mbah Sentono lan Owah-Owahane ing Desa Ngrendeng, Gondang, Tulungagung
TRADHISI NYADRAN MAKAM MBAH SENTONO LAN OWAH-OWAHANE ING DESA NGRENDENG,
GONDANG, TULUNGAGUNG
Rizcha Dwi Puspitaningrum
S-1 Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya
Dr. Surana, S.S., M.Hum
Dhosen Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya
ABSTRAK
Tradhisi Nyadran makam Mbah Sentono salah sawijine folklor setengah lisan kang ana ing Desa
Ngrendeng, Kec. Gondang, Kab. Tulungagung. Tradhisi iki ditindakake minangka wujud ngungkapake rasa
syukur warga desa Ngrendeng marang Gusti Kang Maha Kuwasa lumantar Mbah Sentono.
Underan panliten ing panliten iki, yaiku: 1)Kepriye mula bukane TNMS? 2)Kepriye tatalakune
TNMS? 3)Apa wae ubarampe TNMS kang ditindakake ing makam lan omah? 4) Kepriye makna sajrone
TNMS kang ditindakake ing makam lan ing omah, 5) Apa piguna kang kinandhut sajrone TNMS?, 6)
Kepriye owah-owahan kang ana ing sajrone TNMS? Ancase panliten iki: 1) Ngandharake ngenani mula
bukane TNMS, 2) Ngandharake tatalaku TNMS kang ditindakake ing makam omah, 3) Ngandharake
ubarampene TNMS kang ditindakake ing makam lan omah, 4) Ngandharake pigunane TNMS, 5)
Ngandharake owah-owahan kang ana ing sajrone TNMS.Panliten iki kalebu panliten budaya kang
nggunakake metode deskriptif komparatif. Dhata-dhata kang diasilake arupa dhata-dhata lisan lan tulisan
kang diolehake saka asil kagiyatan observasi, wawancara, lan dhokumentasi.
Asil saka panliten iki nuduhake yen TNMS iki diwiwiti nalika ana pawongan kang dadi cikal bakal
anane desa Ngrendeng yaiku Mbah Sentono Sari. TNMS ing desa Ngrendeng ngalami owah-owahan
panggonan, yaiku ana kang nindakake ing makam lan ana kang nindakake omah.TNMS ing makam diwiwti
kanthi cara nyepakake ubarampe kang dibutuhake, banjur nyekar, lan dipungkasi kenduren. Dene TNMS
ing omah diwiwiti nyepakake ubarampe kenduren ing omah, dipungkasi nyekar ing makame Mbah
Sentono. Ubarampe kang dibutuhake yaiku ambeng sekul suci ulam sari, pisang raja, jenang, mule metri,
buceng kuwat, kembang setaman, cok bakal, dupa lan damen. TNMS iki ngalami owah-owahan amarga
anane faktor agama kang mlebu ing desa Ngrendeng.
Tembung wigati : Tradhisi nyadran, Budaya, Owah-owahan
upacara adat, kesenian, rakyat, seni swara, sandhangan
lan liya-liyane. Kabudayan Jawa lan masyarakat
panyengkuyunge ora bisa dipisahake, mula kabudayan
Jawa isih akeh lan tetep ngrembaka nganti samangke.
Saka anane maneka warna kabudayan Jawa kasebut bisa
nuwuhake anane kabudayan lokal ing saben-saben
dhaerah kang ana ing pulo Jawa.
Sudikan (2001:5) ngandharake kabudayan lokal
yaiku wujud kagiyatan-kagiyatan panguripan saka warga
kang wis dadi bageyane masyarakat kang kasusun luwih
saka sasuku bangsa. Saengga kagiyatan kasebut nduweni
pranata-pranata sosial kang sumbere saka kabudayankabudayan suku bangsa asline lan uga ing saperangan bab
bisa mangaribawani kabudayan nasional. Kabudayan
lokal minangka gambaran saka maneka warna budaya
kang ana ing dhaerah tartamtu lan dadi sawijine
idhentitas masyarakat ing dhaerah kasebut.
Salah sawijine sub-kabudayan lokal yaiku
kabudayan kang ana ing kabupaten Tulungagung.
Kabudayan kang awujud tradhisi ing kabupaten
Tulungagung lan kalebu budaya lokal yaiku Tradhis
Nyadran makam Mbah Sentono utawa bisa dicekak
PURWAKA
Bab purwaka mujudake bab-bab kang wigati
sajroning panliten. Bab purwaka iki njlentrehake ngenani
landhesan panliten, undherane panliten, tujuwan panliten,
paedah panliten, lan wewatesane panliten.
Landhesan Panliten
Kabudayan dhaerah minangka asil saklompok
manungsa kang kaiket dening kesadharan, rasa idhentitas
lan anane rasa ngupaya nyawijikake budaya kang ana ing
dhaerahe supaya ora ilang lan terus ngrembaka. Sajrone
masyarakat Indonesia, kabudayan nduweni ciri khas kang
beda-beda ing saben dhaerahe. Mula kabudayan
Indonesia bisa digolongake saka anane ciri khas kasebut.
Sawijine kabudayan dhaerah kang isih ngrembaka
lan disengkuyung dening masyarakate yaiku kabudayan
Jawa. Sri Wahyu Widayati lan Suwarni (2015:3)
njlentrehake yen masyarakat Jawa minangka masyarakat
kang paling akeh cacahe antarane suku-suku liyane ing
Indonesia iku nduweni kabudayan kang heterogen.
Maneka warna kabudayan Jawa kasebut bisa dideleng
saka logat/dialeg basa Jawa, unsur panganan, upacara-
1
Referensi sajrone Antologi Tulisan Cekak “Damar Ublik” Anggitane Dodik Priyambada
TNMS ing desa Ngrendeng, kecamatan Gondang,
kabupaten Tulungagung. Tradhisi kasebut kalebu warisan
budaya kang wis turun-temurun saka leluhur lan isih
dilestarikake nganti saiki. Masyarakat ing kabupaten
Tulungagung iki isih nggugemi lan nguri-uri kabudayan
kang ana ing dhaerahe. Tradhisi Nyadran makam Mbah
Sentono iki nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap
masyarakat desa Ngrendeng. Masyarakat Ngrendeng
percaya menawa kekarepan bisa kasil yen nindakake
ritual kasebut kanthi cara dedonga ing makame Mbah
Sentono.
Tradhisi nyadran iki umume ditindakake nalika ana
warga desa kang arep nduwe gawe, bersih desa, utawa
labuh pari. Ing panliten iki amung dijupuk tradhisi
nyadran kang ditindakake sadurunge nduwe gawe.
Masyarakat desa Ngrendeng percaya yen sakebehe
panguripane ora bisa uwal saka anane pepundhen
Sentono Sari. Senajan Mbah Sentono iku wis tilar donya
nanging masyarakat percaya yen desa Ngrendeng iki isih
tetep aman lan damai nganti saiki uga amarga anane
Mbah Sentono. Mula krana bab kasebut, masyarakat desa
Ngrendeng ora ana kang ninggalake tradhisi kang wis
turun temurun wiwit biyen. Saka asil panliten iki,
masyarakat percaya yen ora nindakake tradhisi nyadran
iki, mula Mbah Sentono ora bakal menehi palilah saengga
adicara kang bakal ditindakake kasebut bisa lumaku ora
samesthine. Mula, masyarakat Ngrendeng terus
nindakake tradhisi nyadran makam Mbah Sentono kang
wis turun temurun iki kanthi donga miturut kapercayane
dhewe-dhewe nanging nduweni tujuwan kang padha
yaiku njaluk keslametan nalika nindakake sawijine
adicara saengga bisa diadohake saka bebaya utawa
sukerta.
Supaya luwih gamblang lan ngerti ngenani TNMS,
ing panliten iki bakal dijlentrehake bab mula bukane
TNMS, tatalaku, ubarampe, maknane tatalaku lan
ubarampe, pigunane lan owah-owahane TNMS. Panliten
TNMS iki bakal ditintingi nggunakake tintingan budaya.
Panliten iki bakal ngonceki apa kang ana ing sajrone
TNMS ing antarane yaiku ngenani wujud, makna lan
simbol sajrone tatalaku lan ubarampe tradhisi, piguna lan
uga owah-owahan apa wae kang ana ing sajrone tradhisi
kasebut. Saengga saka panliten iki, pamaca bisa
mangeruhi ngenani TNMS wiwit mulabukane nganti apa
owah-owahan kang ana ing sajrone TNMS iki.
TNMS kang ana ing desa Ngrendeng iki
nduweni pangaribawa kang ged (...truncated)