TRADHISI JAMASAN PUSAKA ING DHUSUN TANGGUNGAN DESA BALONGREJO KECAMATAN BERBEK KABUPATEN NGANJUK (Tintingan Folklor)
Tradhisi Jamasan Pusaka ing Dhusun Tanggungan desa Balongrejo Kecamatan Berrbek Kabupaten Nganjuk
TRADHISI JAMASAN PUSAKA
ING DHUSUN TANGGUNGAN DESA BALONGREJO
KECAMATAN BERBEK KABUPATEN NGANJUK
(Tintingan Folklor)
SHEREEF BUDI ANGGORO
S-1 Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya
Dra. Suwarni, M.Pd.
Dhosen Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya
ABSTRAK
Tradhisi jamasan pusaka kalebu folklor setengah lisan kang ana ing dhusun Tanggungan, Desa Balongrejo,
Kecamatan Berbek, Kabupaten Nganjuk, nduweni gegayutan karo kahanan reresik lan Pundhen Mbah Sumber.
Tradhisi jamasan pusaka iki beda karo tradhisi Jamasan liyane. Tradhisi Jamasan pusaka ing Dhusun Tanggungan
kalebu Tradhisi kang ana sajrone tradhisi Nyadran Dhusun Tanggungan. Anane Tradhisi Jamasan Pusaka gumantung
kaanane Tradhisi nyadran ing Dhusun Tanggungan, amarga ana gegayutane karo reresik Dhusun Tanggungan
Panliten iki ngrembug (1) Mula bukane tradhisi jamasan pusaka ing Dusun Tanggungan, (2) ubarampe lan uga
maknane kang ana ing Jamasan Pusaka ing dhusun Tanggungan, (3) tata laku sajrone jamasan pusaka ing dhusun
Tanggungan, (4) fungsi tradhisi Jamasan pusaka kanggo masyarakat Tanggungan, (5) cara nglestarekake tradhsi
jamasan pusaka ing dhusun Tanggungan, (6) pamawase masyarakat dhusun Tanggungan ngenani Tradhisi Jamsan
Pusaka. Ancase panliten iki yaiku ngandharake Mula bukane tradhisi jamasan pusaka, ubarampe lan uga maknane, tata
laku fungsi lan pamawase masyarakat
Pamarekan kang digunakake sajrone panlien iki yaiku pamarekan miturut panemune Danandjaja lan William R.
Bascom. Panliten iki kalebu panliten kuwalitatif dheskriptif. Dhata kang dijupuk arupa tetembungan tinulis utawa lisan
saka informan kanthi cara wawancara lan dhokumentasi. Analisis dhata ditindakake kanthi cara menehi interprestasi ing
saben wujud dhata.
Asile panliten iki nuduhake Tradhisi jamasan iki kalabu tradhisi kang ana sajrone tradhisi nyadran dhusun
Tanggungan, lan nuwuhake kapercayan sajrone Tradhisi Jamasan Pusaka lan kemistisan Pundhen Mbah Sumber.
Piguna kang kinandhut sajrone Tradhisi Jamasan Pusaka kasebut yaiku sistem proyeksi, sarana pangesahe kabudayan,
sarana panggulawenthah, sarana panentu norma - norma. Kalungguhan Tradhisi lan Pundhen Mbah Sumber tumrap
masyarakate yaiku kang awujud masyarakat kang percaya lan ora percaya.
Tembung wigati: Tradhisi jamasan pusaka , lan Folklor
ing masyarakat kudu diuri-uri supaya bisa diwarisake
marang anak lan putu lan ora ilang kepangan jaman.
Kabudayaan uga bisa tuwuh amarga reaksi marang alam
utawa lingkungan lan sakiwa tengene. Miturut
PURWAKA
.
Andharan bab purwaka mujudake traptrapan kang wigati. Sawijine panliten ora bakal bisa
kaleksanan lan dirasa kurang narik kawigaten yen ora ana
purwakane. Bab purwaka sajroning panliten iki
ngandharake bab landhesane panliten, underane panliten,
tujuwane panliten, paedahe panliten,lan wewatesane
panliten.
masyarakat Jawa kang isih percaya anane apa wae
kang kalebu gaib lan isih percaya anane tradhisi,
yen ora ditindakake bakal antuk ala, lan uga bisa
dadi omongane wong. Mula saka kapercayan iku,
masyarakat isih nguri-nguri kabudayan lan tradhisi kasebut.
Kabudayan kuwi kalebu nduweni nilai kang dadi ciri khas
saka saben dhaerah dadi lambange bangsa. Amarga
kabudayan kalebu anugrah saka bangsa utawa dhaerah,
mula kudu tetep dijaga bisa diarani kabudayan kalebu aset
kang luwih penting kanggo masyarakat supaya tetep njaga
lan nglestarekake..
Salah sawijine klompok masyarakat sing isih percaya
lan ngrembakakake tradhisi Jawa yaiku masyarakat Jawa
Timur, mligine ing tlatah sisih kulon yaiku Kabupaten
Lelandhesane Panlitenn
Saben dhaerah mesthi nduweni kabudayan kang
maneka werna, anane maneka werna budaya kasebut
disebabakeakehe pulo-pulo kang anaing Indonesia
saka sadawane Sabang nganti Merauke.Budaya
kang ana ing negara Indo nesia kuwi nduweni maneka
werna wujud.
Saka maneka werna iku bakal ndadekake anane
identitas, ciri, sikap lan perilaku. Sakabehe kuwi kang ana
1
Tradhisi Jamasan Pusaka ing Dhusun Tanggungan desa Balongrejo Kecamatan Berrbek Kabupaten Nganjuk
Nganjuk. Nganjuk minangka salah sawijine kutha sing
cilik nanging isih ngugemi lan ngleluri tradhisi Jawa.
Kabudayan lan tradhisi Jawa ing kutha cilik kasebut isih
maneka werna kayata tradhisi nyadran, tradhisi mantenan,
seni wayang thengul, tradhisi ruwatan, tradhisi tironan, lan
sapanunggale. Saka maneka tradisi ana salah siji tradisi ing
tlatah nganjuk, ana kang narik kawigaten lan bakal diteliti
yaiku Jamasan Pusaka ing Dusun Tanggungan, Desa
Balongrejo Kecamatan Berbek Kabupaten Nganjuk.
Nanging ing kene sing luwih wigati banget guna ditiliti
yaiku supaya ora cures kaanane tradhisi kasebut.
Tradhisi iki ditindakake saben taun ing dina
Jemah Pahing ing sasi Sela. Ditindakake dening warga
dhusun Tanggungan, desa Balongreje, kecamatan Berbek,
kabupaten Nganjuk.Panliten iki kalebu nganggo teori
Foklor, amarga kalebu Tradisi utawa upacara.Foklor
setengah lisan tegese foklor kang awujud campuran
antarane unsur lisan lan ora lisan. Folklor setengah lisan
iki kayata kapitayan, tahayul, upacara-upacara lan
sapiturute.
Tradisi Jamasan pusakaiki( sabanjure bakal
dicekak TJP). TJP kalebu kabudayaan lokalkang isih
dilestarekake dening masyarakat, senajan ana owahane
amarga anane globalisasi lan pengaruh jaman, nanging
tradhisi iki isih ana lan ora ngilangi makna sarta fungsi
tumrap
masyarakat
mliginipun
warga
Dhusun
Tanggungan. Kabudayaan lan tradhisi iki uga isih
dilestarekake amarga masyarakat Dusun Tanggungan iki
percaya karo anane mitos lan wis pakulinan, katindakake
kanthi turun temurun wiwit biyen nganti saiki.
Jamasan bisa ditegesi nyirami utawa ngedusi
sakabehe. Bambang Harsrisuksmo (2004: 321)
ngandharake Jamasi utawa nyirami yaiku ngedusi utawa
ngresiki wilah keris, tombak utawa tosan aji liyanesaka
regetan, bledug, jamur utawa teyeng, lan sisa sisa
minyak kang wis tengik.
Pusaka yaiku piranti- piranti kang nduweni nilai
sakral lan keramat nduweni daya gaib lan menehi
pangaribawa utawa kaslametan wong sing ngrumat utawa
wong sing percaya. Warga dhusun Tanggungan saliyane
ngrumat lan percaya karo pangaribawane pusaka uga akeh
sing nduweni pusaka, TJP ing Dhusun Tanggungan iki ora
mung keris, tombak utawa tosan aji liyane nanging uga
gaman gaman utawa piranti liyane kang bisa mbyantu
anggone para warga ngrampungki pakaryan sabendinane.
Miturut Haryono Hargo Guritno (2006: 278)jamasan
pusaka iki ana amarga anane rasa kurmat marang wong
kang menehi kapitayan utawa nurunake keris utawa tosan
aji liyane kayata guru lan wong tuwane.
Jamasan pusaka kang ana ing dhusun
Tanggungan iki ora kalebu tradhisi kang madeg dhewe,
jamasan iki kalebu tradhisi reresik ing dhusun
Tanggungan saliyane iku uga ana tradhisi nyadran yaiku
tradhisi kang isine ngreksa lan ngresiki dhusun saka apa
wae saka barang sing bisa disawang karo mripat lugu
utawa ora. Jamasan kalebu (...truncated)