CAK-CAKANE TRADHISI SEPASARAN BAYI ING DESA TANEN LAN DESA JABALSARI, TULUNGAGUNG (TINTINGAN ETNOLOGI BUDAYA)
Cak-Cakane Tradhisi Sepasaran Bayi ing Desa Tanen lan Desa Jabalsari, Tulungagung (Tintingan Etnologi Budaya)
CAK-CAKANE TRADHISI SEPASARAN BAYI ING DESA TANEN LAN DESA JABALSARI,
TULUNGAGUNG (TINTINGAN ETNOLOGI BUDAYA)
Dinda Mei Anjarwati
Pembimbing: Dr. Surana, S.S., M.Hum.
S-1 Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa)
Fakultas Basa lan Seni
Universitas Negeri Surabaya
ABSTRAK
Tradhisi Sepasaran Bayi (TSB) iki ditindakake saben ana bayi lair lan nalika bayi kuwi wis umur limang dina
utawa wis pupak pusere. TSB iki kalebu folklor setengah lisan kang tuwuh lan ngrembaka ana ing desa Tanen lan desa
Jabalsari. Underan panliten iki yaiku 1) Kepriye tatalaku TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten
Tulungagung, 2) Kepriye ubarampe TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung, 3) Kepriye
makna kang ana ing TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung, 4) Kepriye wujud komparasi
antarane TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung, lan 5) Kepriye upaya palestarian TSB ing
desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung.
Ancase panliten TSB iki yaiku jlentrehake tatalaku, ubarampe, makna, wujud komparasi, lan upaya pelestarian
TSB ing desa Tanen lan ing Desa Jabalsari kabupaten Tulungagung. Paedahe saka panliten iki yaiku nambahi kawruh
ngenani tradhisi, nglestarekake kabudayan Jawa, kanggo dhokumentasi utamane TSB ing desa Tanen kecamatan
Rejotangan lan ing desa Jabalsari kecamatan Sumbergempol kabupaten Tulungagung ing babagan kabudayan amrih
tansah dijaga lan diuri-uri supaya bisa dimengerteni kabeh dhaerah saka sajabane desa Tanen lan desa Jabalsari.
Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif komparatif amarga dhata kang dikumpulake rata-rata awujud
tetembungan kang tinulis utawa lisan kang diasilake saka asil observasi, wawancara, dhokumentasi lan kuisioner.
Tatacara ngolah dhata yaiku wiwit saka transkripsi dhata, banjur nindakake keabsahan dhata, sawise iku nganalisis
dhata wiwit saka nggolongake miturut golongane, banjur mriksa dhata kang cocog karo underaning panliten banjur
menehi simpulan saka asil panliten.
Asiling saka panliten iki nuduhake ngenani TSB kang kelebu salah sawijine ciri khas kabudayan dhaerah kang ana
ing kabupaten Tulungagung wigati kang ana ing desa Tanen lan desa Jabalsari. TSB iki minangka wujud rasa syukur
dhumateng Gusti Kang Maha Agung amargi sampun diparingi yoga lan ditindakake nalika bayi umur limang dina
utawa wis pupak pusere. Wujud lan makna kang kinandut ing sajrone TSB ana loro, yaiku tatalaku lan ubarampe.
Ubarampe ing TSB kang wajib ana yaiku cok bakal. Sajrone panliten iki uga nggunakake tintingan etnologi budaya
kanthi nggunakake metodhe komparasi budaya. Wujud komparasi kang tuwuh ing TSB kaperang dadi rong aspek yaiku
aspek kang padha lan aspek kang beda. Saliyane kuwi uga nuduhake ngenani upaya pelestarian saka TSB kang bisa
ditindakake dening para masyarakat desa Tanen lan desa Jabalsari kanthi cara nindakake TSB saben ana bayi lair ing
kulawargane, supaya bisa dikenalake marang masyarakat liya mligine para pemudha, amarga TSB iki kalebu tradhisi
dhaerah kang dadi ciri khase dhaerah Tulungagung kang wis ngrembaka kanthi cara turun temurun.
Tembung wigati: Tradhisi Sepasaran Bayi, Folklor, lan Etnologi Budaya
1
Cak-Cakane Tradhisi Sepasaran Bayi ing Desa Tanen lan Desa Jabalsari, Tulungagung (Tintingan Etnologi Budaya)
sapanunggalane kang diwarisake kanthi cara turuntumurun. Tradhisi iku uga maneka werna lan lumaku
wiwit jaman para leluhur nganthi jaman saiki. Saka
lumakune jaman kang saya ngrembaka, anane tradhisi
mau ngalami owah-owahan kang bebarengan karo
lumakune jaman, malah uga ana tradhisi kang wis ilang.
Ilange tradhisi iki amarga akeh nom-noman ing jaman
saiki kang wis ora gelem ngugemi lan nglestarikake
tradhisi kasebut. Sanajan isih ana tradhisi kang ilang,
ananging isih ana tradhisi kang diugemi dening para
masyarakat.
Salah sawijine tradhisi kang isih ana lan diugemi
dening para masyarakat yaiku tradhisi kang ana gayutane
kaliyan siklus panguripane manungsa saka lair, urip lan
mati. Tradhisi kuwi kang diarani Tradhisi Sepasaran Bayi
kang sabanjure bisa disingkat dadi TSB. TSB iki tradhisi
kang analan diugemi ing tlatah Tulungagung mligine ana
ing Desa Tanen, Rejotangan lan ana ing Desa Jabalsari,
Sumbergempol, Kab.Tulungagung. TSB asale saka
tembung sepasar utawa limang dina sawise si jabang bayi
lair. Ananging miturut itung-itungan Islam sepasaran
kuwi dilaksanakake nalika bayi umur seminggu yaiku
umur pitung dina. Kanthi turun-temurun tradhisi iki isih
ana lan dilaksanakake ing Tulungagung. Tradhisi iki
ditindakake dening masyarakat minangka ungkapan rasa
syukur lan nebus anak marang Gusti Kang Maha Agung
amarga uwis diwenehi kapitayan dadi wong tuwa kanthi
laire bayi.
Panliten ngenani TSB iki minangka salah
sawijine wujud usaha kang trep kanggo ngleluri budaya
Jawa. Panliten iki bisa digunakake gawe sarana pasinaon
mligine bab kabudayan supaya saya suwe ora cures lan
muspra, sarta ora gampang dilalekake dening masyarakat
amarga anane kabudayan manca ing jaman saiki kang
luwih disenengi. Ananging TSB ana ing saben desa, iku
ora padha lan ana sawijine desa kang wis nglalekake
tradhisi kasebut. Bedane Cak-cakane TSB kang narik
kawigaten kanggo ditliti.
Panliten ngenani tradhisi iki durung tau ana kang
nliti lan ing sajrone tradhisi kasebut uga duweni ciri khas
kang dadi pambeda antarane TSB kang dilakokake ing
desa Tanen lan desa Jabalsari, kabupaten Tulungagung.
Mula saka kuwi, tradhisi kasebut narik kawigaten kanggo
dianalisis luwih jero. Panliten iki bakal ngonceki apa
kang ana ing sajrone TSB. Bab kang dionceki ing
antranane yaiku ngenani bedane tatalakune tradhisi kang
dilakokake ing loro desa kang beda, bedane wujud lan
makna ubarampe tradhisi, komparasi budaya kang ana
ing sajrone TSB. Adhedhasar sakabehe bab kasebut, mula
panliti menehi irah-irahan tumrap panliten iki yaiku
“Cak-cakane Tradhisi Sepasaran Bayi Ing Desa Tanen
Lan Ing Desa Jabalsari, Tulungagung” kanthi tintingan
Etnologi Budaya. Panliten iki klebu panliten kualitatif
dheskriptif komparatif kang nliti bab kang dadi pepadan
lan pambedane ngenani sawijine kabudayan kang
ditujukake marang wujud, makna, tatalaku, pambeda, lan
owah gingsire. Kualitatif Dheskriptif komparatif uga
mbandingane loro utawa luwih saka kabudayaan kanthi
cara ndeleng panyebabe lan unsur-unsur kabudayaan
kang dadi konteks kauripan ing masyarakat.
PURWAKA
Kabudayan minangka warisan leluhur kang kudu
dilestarekake kanthi nggunakake aturan-aturan tartamtu.
Kabudayan asale saka basa Sansekerta yaiku buddhayah,
wujud jamak saka tembung buddhi kang tegese yaiku
budi utawa akal. Kabudayan yaiku minangka sekabehane
sistem gagasan, tumindak, lan asil karyane manungsa ing
sajrone panguripane masyarakat kang diduweni
manungsa kanthi cara sinau (Koentjaraningrat, 1980:
193). Miturut Suparlan (1986: 115) kabudayan yaiku
salah sawijine ide kang ana ing sajrone pamikirane
manungsa lan (...truncated)