MAKNA LAN FUNGSI UJUB SAJRONE TRADHISI ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO (KAJIAN FOLKLOR)

JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal), Jul 2019

AbstrakUjub yaiku wujud tuturan kang diucapake tukang ujub kang lumrahe ngujubake slametan sawise asahan cumawis miturut niyat kajate slametan. Ujub yaiku ngandharake teges lan piguna saben perangane asahan utawa ambeng, banjur dipasrahake marang Gusti Kang Maha Kuwasa lan para danyang kang mbahureksa. Underane panliten yaiku: 1) Apa tegese ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto?; 2) Kepriye wujud ujub sajrone tradhisi?; 3) Kepriye makna ujub sajrone tradhisi?; 4) Kepriye fungsi ujub ing satengahe masyarakat?. Tujuwan saka panliten iki yaiku: 1) Ngandharake tegese ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto, 2) Ngandharake wujud ujub sajrone tradhisi, 3) Ngandharake makna ujub sajrone tradhisi, 4) Ngandharake fungsine ujub ing satengahe masyarakat. Panliten iki nduweni paedah teoretis lan paedah praktis. Paedah Teoretis yaiku: 1) Menehi sumbangan tumrap pangrembakane kawruh kabudayan Jawa mligine tradhisi, 2) Menehi panyengkuyungan kanggo nguri-uri tradhisi budaya Jawa, 3) Nambahi kawruh lan wawasan tumrap panyinaon budaya Jawa mligine bab tradhisi. Paedah Praktis yaiku: 1) Tumrap Panliti, kanggo nambahi wawasan sajrone ngrembakake budaya lan tradhisi lisan, 2) Tumrap Pamaca, minangka pangrembakane ilmu kang gegayutan karo budaya lan tradhisi lisan. Konsep kang digunakake kanggo ngonceki tegese ujub yaiku konsep pewara pamawas saka Arief (2009). Konsep folklor saka Danandjaja (2002) kanggo ngonceki wujud ujub. Konsep semiotik saka Pradopo kanggo ngonceki makna ujub. Konsep fungsi kang digunakake pamawas saka R. Bascom. Makna lan fungsi ujub ditintingi kanthi metodhe dheskriptif kualitatif kanthi pendhekatan folklor. Obyek kang ditliti tuturan ujub. Instrumen panliten yaiku panliti, pedhoman observasi, lan dhaftar pitakonan. Teknik nglumpukake kanthi cara observasi, wawancara, rekaman, cathetan, transkripsi lan dhokumentasi. Analisis dhata nggunakake metodhe hermeneutika. Ujub kalebu folklor lisan, amarga awujud tuturan. Wujud ujub sajrone tradhisi yaiku tuturan ujub kang diucapake tukang ujub nalika ngujubake. Makna saka ujub yaiku makna saben asahan kang ana nalika slametan. Fungsi ujub yaiku: minangka sistem proyeksi, minangka piranti pengsahan pranata-pranata lan lembaga kabudayan, minangka piranti panggulawenthah anak, minangka piranti pengawas norma-norma masyarakat lan fungsi liya-liyane.Tembung-tembung wigati: Tradhisi, Makna, Fungsi, Ujub

Article PDF cannot be displayed. You can download it here:

https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/download/29189/26732

MAKNA LAN FUNGSI UJUB SAJRONE TRADHISI ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO (KAJIAN FOLKLOR)

MAKNA LAN FUNGSI UJUB SAJRONE TRADHISI ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO (KAJIAN FOLKLOR) E-JOURNAL DENING: MEI AYU ROHATININGSIH NIM 15020114080 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BASA LAN SENI PENDHIDHIKAN BASA LAN SASTRA DAERAH 2019 Makna lan Fungsi Ujub sajrone Tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto (Tintingan Folklor) MAKNA LAN FUNGSI UJUB SAJRONE TRADHISI ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO (TINTINGAN FOLKLOR) MEI AYU ROHATININGSIH S-1 Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya Dra. Suwarni, M.Pd. Dhosen Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya ABSTRAK Ujub yaiku wujud tuturan kang diucapake tukang ujub kang lumrahe ngujubake slametan sawise asahan cumawis miturut niyat kajate slametan. Ujub yaiku ngandharake teges lan piguna saben perangane asahan utawa ambeng, banjur dipasrahake marang Gusti Kang Maha Kuwasa lan para danyang kang mbahureksa. Underane panliten yaiku: 1) Apa tegese ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto?; 2) Kepriye wujud ujub sajrone tradhisi?; 3) Kepriye makna ujub sajrone tradhisi?; 4) Kepriye fungsi ujub ing satengahe masyarakat?. Tujuwan saka panliten iki yaiku: 1) Ngandharake tegese ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto, 2) Ngandharake wujud ujub sajrone tradhisi, 3) Ngandharake makna ujub sajrone tradhisi, 4) Ngandharake fungsine ujub ing satengahe masyarakat. Panliten iki nduweni paedah teoretis lan paedah praktis. Paedah Teoretis yaiku: 1) Menehi sumbangan tumrap pangrembakane kawruh kabudayan Jawa mligine tradhisi, 2) Menehi panyengkuyungan kanggo nguri-uri tradhisi budaya Jawa, 3) Nambahi kawruh lan wawasan tumrap panyinaon budaya Jawa mligine bab tradhisi. Paedah Praktis yaiku: 1) Tumrap Panliti, kanggo nambahi wawasan sajrone ngrembakake budaya lan tradhisi lisan, 2) Tumrap Pamaca, minangka pangrembakane ilmu kang gegayutan karo budaya lan tradhisi lisan. Konsep kang digunakake kanggo ngonceki tegese ujub yaiku konsep pewara pamawas saka Arief (2009). Konsep folklor saka Danandjaja (2002) kanggo ngonceki wujud ujub. Konsep semiotik saka Pradopo kanggo ngonceki makna ujub. Konsep fungsi kang digunakake pamawas saka R. Bascom. Makna lan fungsi ujub ditintingi kanthi metodhe dheskriptif kualitatif kanthi pendhekatan folklor. Obyek kang ditliti tuturan ujub. Instrumen panliten yaiku panliti, pedhoman observasi, lan dhaftar pitakonan. Teknik nglumpukake kanthi cara observasi, wawancara, rekaman, cathetan, transkripsi lan dhokumentasi. Analisis dhata nggunakake metodhe hermeneutika. Ujub kalebu folklor lisan, amarga awujud tuturan. Wujud ujub sajrone tradhisi yaiku tuturan ujub kang diucapake tukang ujub nalika ngujubake. Makna saka ujub yaiku makna saben asahan kang ana nalika slametan. Fungsi ujub yaiku: minangka sistem proyeksi, minangka piranti pengsahan pranata-pranata lan lembaga kabudayan, minangka piranti panggulawenthah anak, minangka piranti pengawas norma-norma masyarakat lan fungsi liya-liyane. Tembung-tembung wigati: Tradhisi, Makna, Fungsi, Ujub. panguripan. Siklus panguripan dianggep minangka perangan saka panguripan kang ditengeri kanthi ritual kang mratandhani tingkatan umur lan kadiwasane pawongan. Upacara siklus panguripan ditindakake wiwit isih ing jero guwa garba nganti ninggal donya. Saben tingkatan siklus panguripan dianggep minangka sawijine bab kang wigati sajrone masa panguripane manungsa. Lumrahe saben siklus panguripan masyarakat Jawa nduweni upacara adat. Slametan minangka tradhisi kang ditindakake kanthi turun-tumurun dening masyarakat. Nalika slemetan ana asahan kang dicepakake banjur diujubna. Ujub yaiku ikrar kajat utawa donga kang nggunakake basa Jawa kang diwujudake sajrone slametan. Ujub minangka warisan budaya Indonesia kang arupa tradhisi lisan. Panliti milih panliten ngenani ujub kang tinemu sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto jalaran durung ana kang nliti, saliyane iku uga masyarakat Trowulan isih PURWAKA Bab iki ngandharake ngenani lelandhesan panliten, underaning panliten, tujuwan panliten, paedah panliten, lan wewatesaning tembung. Lelandhesane Panliten Indonesia minangka bangsa adiluhung kang nduweni maneka warna budaya. Kabudayan kasebut asale saka maneka dhaerah kang ana ing Indonesia, saben dhaerah nduweni kabudayan dhewe-dhewe yen diklumpukake dadi budaya nasional kang adiluhung. Kabudayan minangka warisan leluhur kang kudu dilestarikake kanthi nggunakake aturan-aturan tartamtu ing jagading bebrayan. Kabudayan minangka asil ciptane manungsa kang ana ing sajrone panguripan (Teng, 2017: 69). Masyarakat Jawa ngugemi kapercayan ngenani siklus 1 Makna lan Fungsi Ujub sajrone Tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto (Tintingan Folklor) ngugemi tradhisi slametan kang nggunakake ujub kanthi jangkep lan tumemen tinimbang kecamatan liya-liyane. Adhedhasar pengamatane panliti, tradhisi slametan kang nggunakake ujub isih ngrembaka, mula panliti kepengin medhar wujud, makna, lan fungsi ujub ing satengahe masyarakat ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto. lisan utawa verbal folklore yaiku folklor kang awujud nyata lisan (Danandjaja, 2002). 3) Ujub yaiku wujud tuturan kang diucapake dening kamituwa kang lumrahe ngujubake slametan sawise asahan utawa ambeng cumawis miturut niyat kajate slametan saka asahan iku ana kang dibagei, kaya dene tumpeng lan jenang kang diweruhi dening danyang lan kaki among utawa nyai among (Afandi, 16 Desember 2018). 4) Konsep makna. Semiotika yaiku nyinaoni ngenani sistem-sistem, aturan-aturan, konvensi-konvensi tandha-tandha kang nduweni makna (Priminger, 1985). 5) Konsep fungsi folklor miturut R. Bascom (Danandjaja, 1997). Underaning Panliten Adhedhasar lelandhesan panliten kang wis diandharna ing ndhuwur, mula bisa dirumusake underaning panliten, yaiku: 1) Apa kang diarani ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto? 2) Kepriye wujud ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto? 3) Kepriye makna ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto? 4) Kepriye fungsi ujub ing satengahe masyarakat Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto? TINTINGAN KAPUSTAKAN Bab tintingan kapustakan isine ngenani andharan babagan konsep utawa konsep-konsep kang gegayutan karo panliten iki. Panliten kanthi irah-irahan “Makna lan Fungsi Ujub sajrone Tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto” nggunakake tintingan kapustakan kaya kang diandharake ing ngisor iki: Tujuwan Panliten Adhedhasar underaning panliten ing dhuwur, mula tujuwane saka panliten iki, yaiku: 1) Ngandharake tegese ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto. 2) Ngandharake wujud ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto. 3) Ngandharake makna ujub sajrone tradhisi ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto. 4) Ngandharake fungsine ujub ing satengahe masyarakat Kecama (...truncated)


This is a preview of a remote PDF: https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/download/29189/26732
Article home page: https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/29189/26732

MEI AYU ROHATININGSIH, . SUWARNI. MAKNA LAN FUNGSI UJUB SAJRONE TRADHISI ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO (KAJIAN FOLKLOR), JOB (Jurnal Online Baradha) (e-Journal), 2019,