TRADHISI SIRAMAN GONG KYAI PRADHAH ING DESA KALIPANG, KECAMATAN SUTOJAYAN, KABUPATEN BLITAR
TRADHISI SIRAMAN GONG KYAI PRADHAH ING DESA KALIPANG, KECAMATAN SUTOJAYAN,
KABUPATEN BLITAR
Erlina Diana
Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya
Dra. Suwarni, M.Pd
Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya
Abstrak
Tradhisi minangka salah sawijine wujud warisan budaya kang nyimpen nilai-nilai luhur. Sajrone tradhisi ana
simbol-simbol kang durung mesthi masyarakat awam ngerteni apa teges saka simbol mau. Saben nindakake wujud
tradhisi kasebut, mesthi ana tujuwan mligi kanggo diwulangake tumrap masyarakat kang nindakake karep supaya
masyarakat ngugemi adat Jawa lan bisa oleh piguna saka anane tradhisi kasebut. Ora beda karo tradhisi Siraman Gong
Kyai Pradhah kang ditindakake dening masyarakat Desa Kalipang, Blitar. Sajrone tradhisi iki kebak simbol lan makna
kang bisa dionceki lan bisa menehi kawruh tumrap masyarakat uga pamerentah kang nyengkuyung anane tradhisi
kasebut. Bab iku uga kang menehi gagasan tumrap panliti supaya ngangkat tradhisi iki dadi objek panaliten.
Abstrak
Tradisi merupakan salah satu wujud waisan budaya yang menyimpan banyak nilai kebaikan. Di dalam suatu
tradisi terdapat simbol-simbol tersebunyi yang belum tentu diketahui oleh masyarakat umum. Setiap pelaksanaan tradisi
tertentu, pasti ada maksud dan tujuan tertentu untuk diajarkan kepada masyarakat yang melaksanakan supaya tetap
mematuhi aturan adat Jawa dan bisa mendapat manfaat dari pelaksanaan adat tersebut. Sama halnya dengan Tradisi
Siraman Gong Kyai Pradhah yang dilaksanakan oleh warga Desa Kalipang, Blitar. Tradisi ini kaya akan simbol dan
makna yang bisa dianalisis dan bisa memberikan wawasan kepada masyarakat juga pemerintah yang mendukung acara
ini. Hal ini juga yang menumbuhkan gagasan peneliti untuk mengangkat tradisi ini sebagai objek penelitian.
PURWAKA
Kutha Blitar kalebu kutha kang kawentar. Kutha
kang kondhang ing bab pariwisata sejarah lan religius
kayata wisata sejarah “Pasarean Bung Karno”. Kejaba
iku, ana sawijining tradhisi kang wis ditindakake wiwit
biyen yaiku TradhisiSiraman Gong Kyai Pradhah.
Tradhisi ngumbah pusaka wujud Gong kang manggon
ing desa Kalipang iki isih tetep diuri- uri lan ajeg
ditindakake saben tahune. Tradhisi kasebut nduweni daya
pangaribawa kang kuwat tumrap masyarakat Kalipang
lan sakupenge.
Tradhisi Siraman Gong Kyai Pradhahutawa bisa
dicekak kanthi sebutan TSGKP, kalebu sastra saperangan
lisan sing bisa diwujudake kanthi tata laku marang
sawijining klompok masyarakat. Tata lakuanggone
nindakake tradhisi kasebut minangka ciri khas tumrap
masyarakat kang nduweni. Tradhisi nduweni daya
pangaribawa kanggo nggiring masyarakat supaya gelem
mikir lan nindakake sawijining pakaryan. Semana uga
crita- crita tradhisi, mligine Gong Kyai Pradhah kasebut.
Sajrone crita TSGKP kasebut kanthi ora langsung
nggiring masyarakat kanggo mikir lan nindakake
sawijine kagiyatan kang ora umum. Ing saben tahune,
masyarakat kudu nindakake dina sepasaran kanthi
nanggap wayang kulit. Adhedhasar kapitayan masyarakat
desa Kalipang, kagiyatan iku ditindakake sawise njamasi
lan dilaksanakake telung dina sawise adicara jamasan
kanthi Dhalang kang beda. Kajaba iku, yen adicara
TSGKP ora ditindakake, mula bakal ana kadadeyan kang
ora dipengini dening masyarakat desa Kalipang kayata
ditekani macan putih ing desa kasebut.
Kapitayan masyarakat desa Kalipang kasebut
tansah diugemi lan nduweni tujuwan yaiku kepingin terus
nindakake sesambungan karo leluhur kang wis aweh
arahan lumantar daya ghaib sing ora bisa ditampa dening
akal manungsa kanthi rasional. Bab iki selaras karo
panemune Lang kang dikutip dening Koentjaraningrat
(1980:59) njlentrehake yen ing njero jiwane manungsa
ana sawijining daya ghaib sing cara kerjane kuwat
tumrap manungsa awam lan kerep ora nggunakake rasio
anggone mikir. Kayata kang ditindakake masyarakat desa
Kalipang tumrap anane TSGKP. Kanthi anane tradhisi
iki, masyarakat kasebut kagolong nduweni kabudayan
tartamtu.
Kontjaraningrat (1984:9) ngandharake yen
kabudayan yaiku sakabehe gagasan lan karyane
manungsa sing kudu dikulinakake sarta sakabehane saka
asil budi lan karyane kasebut. Dene manungsa lan
kabudayan iku ora bisa dipisahake. Tanpa anane
kabudayan manungsa iku ora kalebu manungsa sing
nduweni teges sejati. Sewalike tanpa anane manungsa ing
jerone, kabudayan ora ana lan ngrembaka. Tuwuhe
kabudayan iku disebakake saka adaptasi aktif antarane
manungsa lan lingkungane kanthi wujud utawa maujud.
Lumantar cipta, rasa, lan karsane manungsakang
diwujudake ing ide, gagasan, norma nilai lan wujud
budaya fisik, mula bakal nuwuhake unsur kabudayan
kang universal kanthi wujud maneka warna gumantung
saka lingkungan masyarakate.
Kabudayan kang manggoning masyarakat
diwarisake kanthi cara turun- tumurun minangka wujud
saka warisan sosial. Warisan sosial mung bisa diduweni
dening warga masyarakat panyengkuyung sawijining
kabudayan kanthi caranyinaoni. Kanthi cara iku warga
masyarakat bisa sinau bab bebrayan kang kebak nilai lan
norma ing tengahingmasyarakat. Saben anggota
masyarakat nduwe kewajiban njunjung dhuwur nilainilai kang ana ing masyarakat ikumurih anggone
bebrayan bisa tentrem lan raharja (Radjigati lan
Suwondo, 1996:1).
Sawijine wujud warisan budaya sosial yaiku
tradhisi. Tradhisi kang asale saka basa latin:
traditio,tegese“diterusake”utawa
pakulinan,
yaiku
sawijining bab kang kang wis dilakokake utawa
ditindakake wiwit jaman biyen lan minangka perangan
saka bebrayan kelompok masyarakat tartamtu, pakulinan
sawijining negara, kabudayan, wektu, utawa agama kang
padha. Bab kang paling wigati saka tradhisi yaiku anane
informasi kang bakal diterusake saka generasi menyang
generasi sabanjure kanthi cara tinulis utawa lisan
(http://id.m.wikipedia.org/wiki/Tradisi.).
TSGP kang dilaksanakake dening masyarakat desa
Kalipang nduweni simbol lan makna tartamtu. Kajaba iku
tradhisi kasebut uga bisa dadiobjek pariwisata. Bab iki
kabukten nalika tradhisi ditindakake, akeh masyarakat
kang teka kanggo nonton lan nyekseni adicara tradhisi
ora mung warga masyarakat Kalipang wae, nanging teka
saka njaba kabupaten nganti njaba dhaerah. Saengga ora
mokal yen TSGKP iki dadi objek kang magis religius lan
kanggo sarana objek wisata. Alesan ngangkat objek
panaliten ngenani tradhisi siraman Gong Kyai Pradhah,
amarga tradhisi iku ora ana ing dhaerah liya, saengga bisa
diarani minangka ciri khas saka dhaerah Kabupaten
Blitar. Kajaba iku, tradhisi siraman Gong Kyai Pradhah
sawijining upacara tradhisional wewujudan saka
keanekaragaman budaya dhaerah kang bisa nambah
daftar kabudayan nasional. Mula saka iku butuh anane
inventarisasilandokumentasi kanggo ngrembagakake
tradhisi kasebut supaya ora lebur ing jaman samangke.
Masyarakat ing tlatah Blitar ora kabeh ngerteni
makna lan simbol saka anane TSGKP kasebut. Mula saka
iku, bab sing kaya mangkono mau narik kawigaten
kanggo ditliti, kang duweni pangajab supaya masyarakat
ing tlatah Blitar mligine bisa luwih ngerteni lan ngurmati
wujud ta (...truncated)